Tolong dibantu kk novia1. Wenehi tuladhane ing nduwur masing" 5

Berikut ini adalah pertanyaan dari masterbrainly5 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tolong dibantu kk novia1. Wenehi tuladhane ing nduwur masing" 5 serta wenehi tegese setiap tuladhane.​
Tolong dibantu kk novia1. Wenehi tuladhane ing nduwur masing

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban dan Pembahasan

1. Pepindhan

  • —☆ Tuladha :

1. Ketiban ndaru.

✧Tegese : beja banget.

2. Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen.

✧Tegese : kaya ora ana sing bisa ngalahake.

3. Srawunge kaya lenga karo banyu.

✧Tegese : ora bisa rukun.

4. Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi

✧Tegese : swarane banter, sora.

5. Tandange kaya bantheng ketaton

✧Tegese : tandange kuat, ora duwe wedi.

2. Parikan

  • —☆ Tuladha :

1. Abang-abang ora legi,

klambi abang merak ati

2. Ngasah arit, nganti landhep,

dadi murid, kudu sregep.

3. Wajik klethik, gula jawa,

Kalah dhisik, ora papa.

4. Jangan kacang jangan kara,

Kaduk uyah kurang gula,

Piwelingku mring pra mudha,

Aja wedi ing rekasa.

5. Bibi surip tuku klobot,

Pethuk encik tawa roti,

Uwong urip pancen abot,

Mula becik ngati-ati.

3. Panyandra

  • —☆ Tuladha :

1. Bangk-ekane nawon kemit tegese bangk-ekane cilik.

2. Untune miji timun tegese untune rapi lan cilik-cilik.

3. Drijine mucuk eri tegese drijine lancip kaya eri.

4. Lembehane mblarak sempal tegese lembehane luwes kaya blarak sing tiba.

5. Mripate damar kanginan tegese mripate kedhep-kedhep kaya damar yen kena angin.

4. Cangkriman

  • —☆ Tuladha :

1. Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak

2. Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan

3. Burnas Kopen = Bubur panas kokopen

4. Pakboletus = Tipak kebo lelene satus

5. Wong dodol klapa dikepruki. (Sing dikepruki klapane, dudu wonge)

6. Bapak pocung isih enom klambi gadhung

Yen wes rada tuwa

Si pocung klambine kuning

Tuwa pisan si pocung klambine abang (Mlinjo)

5. Sanepa

  • —☆ Tuladha :

1. Pait madu : legi banget

2. Atos debog : empuk banget

3. Arang kranjang : kerep banget

4. Jero tapak meri : cethek banget

5. Abang dluwang : pucet banget

6. Arang wulu kucing : akeh banget

7. Arum jamban : banger/mambu banget

6. Rura basa

  • —☆ Tuladha :

1. Nguleg sambel tegese nguleg lombok kanggo gawe sambel.

2. Adang sega tegese adang beras supaya dadi sega.

3. Ndheplok gethuk tegese ndheplok tela supaya dadi gethuk.

4. Ndhudhuk sumur tegese ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur.

5. Nyangking banyu tegese nyangking timba isi banyu.

7. Wangsalan

  • —☆ Tuladha :

1. Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (Saron bumbung tegese angklung = cengklungen)

2. Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (Janur gunung tegese aren = kadingaren)

3. Klapa mudha, yen kalegan paringana ngapura. (Klapa mudha tegese degan = kalegan)

4. Sekar aren, Mas. Sampun dangu mboten pinanggih. (Kembang aren tegese dangu)

5. Bantal dawa, Ngger. Elinga marang Sing Kuwasa. (Bantal dawa tegese guling = elinga)

8. Tembung Saroja

  • —☆ Tuladha :

✧ Gemah ripah → subur makmur.

✧ Raja kaya → kewan sing diopeni/ingon-ingon.

✧ Andhap asor → ora ngantonake keluwihane (rendah hati).

✧ Peteng ndhedhet → peteng banget.

✧ Tahu tempe → panganan tahu lan tempe.

9. Yogyaswara

  • —☆ Tuladha :

1. dewa-dewi.

2. bathara-bathari.

3. mahasiswa-mahasiswi.

4. gandarwa-gandarwi.

7. pemuda-pemudi.

8. putra-putri.

9. siswa-siswi.

10. widadara-widadari.

Waca maneh

>> Tuladha liyane :

  1. Tuladha Pepindhan : yomemimo.com/tugas/17855848
  2. Tuladha Parikan : yomemimo.com/tugas/12735222
  3. Tuladha Panyandra : yomemimo.com/tugas/4905010
  4. Tuladha Cangkriman : yomemimo.com/tugas/4774596
  5. Tuladha Sanepa : yomemimo.com/tugas/14044033
  6. Tuladha Rura basa : yomemimo.com/tugas/15871526
  7. Tuladha Wangsalan : yomemimo.com/tugas/1662822
  8. Tuladha Tembung Saroja : yomemimo.com/tugas/11698206
  9. Tuladha Yogyaswara : yomemimo.com/tugas/218016

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Pepindhan, Parikan, Panyandra, Cangkriman Sanepa, Rura basa, Wangsalan, Tembung Saroja, Yogyaswara

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 23 Jun 21