UKARA ING NGISOR IKI OWAHANA DADI BASA KRAMAALUS! 1. Muharta

Berikut ini adalah pertanyaan dari Nadafitriyani2324 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

UKARA ING NGISOR IKI OWAHANA DADI BASA KRAMAALUS! 1. Muharta diwenehi jajan dening ibu sak durunge ibu turu.2. Mas Marto ngeterne ibu menyang omahe pak Carik. 3. Bapak tangi jam papat banjur menyang masjid.4. Embah diwenehi ibu jarik sidomukti, ibu diwenehi embah jerik parang rusak. 5. Tangane bapak lara jur di gawa menyang RSU.6. Dhek wingi bapak lunga menyang Solo, jur mangan neng Wonogiri. 7. Toni di kongkon bapak ngeterne layang neng omahe pak lurah.8. Budi diseneni pak Budi amarga tekane kasep.9. Kandhane embah aku ora oleh omong sing kasar marang wong tuwa.10. Apa kowe krungu kabar yen sesuk pak camat arep teka neng kene.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi basa Krama Alus.

1. Muharta diwenehi jajan dening ibu sak durunge ibu turu.

➡️ Muharta dipun paringi jajan kaliyan ibu sakderengipun ibu sare.

2. Mas Marto ngeterne ibu menyang omahe pak Carik.

➡️ mas Harto nderekaken ibu dhateng dalemipun pak carik.

3. Bapak tangi jam papat banjur menyang masjid.

➡️ bapak wungu tabuh sekawan lajeng dhateng masjid.

4. Embah diwenehi ibu jarik sidomukti, ibu diwenehi embah jerik parang rusak.

➡️ eyang dipun paringi ibu sinjang Sidomukti, ibu dipun paringi eyang sinjang parang risak.

5. Tangane bapak lara jur di gawa menyang RSU.

➡️ astanipun bapak gerah lajeng dipun Asta dhateng griya sakit.

6. Dhek wingi bapak lunga menyang Solo, jur mangan neng Wonogiri.

➡️ kalawingi bapak tindak dhateng solo, lajeng dhahar wonten Wonogiri.

7. Toni di kongkon bapak ngeterne layang neng omahe pak lurah.

➡️ Toni dipun utus bapak nderekaken serat dhateng dalemipun pak lurah.

8. Budi diseneni pak Budi amarga tekane kasep.

➡️ Budi dipun dukani pak Budi amargi duginipun telat.

9. Kandhane embah aku ora oleh omong sing kasar marang wong tuwa.

➡️ Dhawuhipun eyang, kula mboten kepareng ngendhikan ingkang kasar mring tiyang sepuh.

10. Apa kowe krungu kabar yen sesuk pak camat arep teka neng kene.

➡️ punapa panjenengan mireng wartos menawi mbenjing enjing pak camat badhe rawuh dhateng mriki.

__________________

Pembahasan

BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

→ Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane).

→ Tuladhane :

  • bapak dhahar pisang goreng
  • ibu mundhut sate mendha
  • eyang gerah sukunipun

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 12 Sep 22