UJI KOMPETENSI WULANGAN 6Damar ingkang paring tuduh janmi,iki ana jrone

Berikut ini adalah pertanyaan dari fianmackfiaestianty pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

UJI KOMPETENSI WULANGAN 6Damar ingkang paring tuduh janmi,
iki ana jrone Pancasila,
ing kono pepak isine,
uwis bener ditanggung,
tumrap kadang wajib ingudi,
ngerti lawan isinya,
lair batinpun,
tanpa iki janma rusak,
bubrah babreh angel banget den dandosi,
donya bakal kiyamat.

1. Pratelan kang ngandharake kahanane tembang kasebut yaiku....
a. dumadi saka 10 pada, 1 gatra
b. dumadi saka 10 wanda, 1 gatra
c. dumadi saka 10 gatra, 1 pada
d. dumadi saka 10 gatra, 1 wanda

2. Sing dimaksud guru lagu yaiku....
a cacahing gatra ing saben tembang
b. cacahing gatra saben sawanda
c, tibaning swara ing pungkasaning gatra
d. cacahing wanda saben sapada

3. Guru lagune tembang ing dhuwur yaiku....
a. i, a, i, u, i, a, u, a, i, a
b. I, a, e, u,1,a, u, a, i, a
e. i, a, u, u, i, a, u, a, i, a
d. i, ə, o, u, i, a, u, a, i, a

4. Tembang ing dhuwur nduweni watak....
a luwes
b. tresna, seneng
c. sereng, gregetd sedhih, nelangsa

5. Rumpakan tembang macapat ing dhuwur kalebu ewoning tembang....
a. Gambuh
b. Kinanthi
c. Sinom
d. Dhandhanggula

6. Pranyatan kang jumbuh karo rumpakan/ rerepen kasebut yaiku....
a, lair batin diudi bisa dadi damar
b. Pancasila pepak iku isine lan ditanggung bener
c. jaman saiki wis rusak lan angel banget didandani
d. kahanan saiki wis bubrah babreh

7. Damar ingkang paring tuduh janmi. Tembung janmi tegese....
a.sato kewan
b. manungsa
c. barang
d. urip

8. Dasanamane tembung damar yaiku....
a. diyan
b. geni
c. sorot
d. padhang

9. Titikane tembang macapat kajaba....
a. nganggo pathokan paugeran
b. basane Jawa kuna kabeh
c. bisa ditembangake tanpa iringan
di nggunakake laras gamelan

10. Nembang macapat kuwi bisa kepenak dirungokake manawa pas karo
tibilarase. Sing dikarepake titilaras yaiku....
a. cakepan
b. pedhotan
c. cengkok
d. notasi​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. C. dumadi saka 10 gatra, 1 pada.
  2. C. tibaning swara ing pungkasaning gatra.
  3. B. i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.
  4. A. luwes.
  5. D. Dhandhanggula.
  6. B. Pancasila pepak iku isine lan ditanggung bener.
  7. B. Manungsa.
  8. A. Diyan (lampu)
  9. B. basane Jawa kuna kabeh.
  10. D. Notasi.

Penjelasan

Damar ingkang paring tuduh janmi, (lampu sing menehi pitutur manungsa)

iki ana jrone Pancasila,

ing kono pepak isine,

uwis bener ditanggung,

tumrap kadang wajib ingudi,

ngerti lawan isinya,

lair batinpun,

tanpa iki janma rusak,

bubrah babreh angel banget den dandosi,

donya bakal kiyamat.

  • Isi => Pancasila iku isine pepak kang bener ditanggung kanggo menehi pitutur manungsa. Kudu wajib digolek isine lair lan batin. Tanpa Pancasila, manungsa bisa rusak, angel dikandani, lan donya bakal bisa kiyamat.

>> Tembung ing dhuwur kalebu Tembung Dhandhanggula, amarga paugerane :

» Guru gatra : 10 gatra.

» Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

» Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

>> Paugeran Macapat :

  1. Guru gatra, yaiku cacahing gatra saben sapada
  2. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra.
  3. Guru lagu, yaiku tibaning swara vokal (a,i,u,e,o) ing pungkasaning gatra.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Tembang macapat

Kata Kunci : Pranyatan kang jumbuh karo rumpakan/rerepen, titilaras, janmi, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 26 Jun 21