buatlah pidato bahasa jawa tema peraturan kelas​

Berikut ini adalah pertanyaan dari aduacore1231 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Buatlah pidato bahasa jawa tema peraturan kelas​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Assalamualaikum Wr.Wb.

Ingkang dahat kinurmatan Ibu Kepala Sekolah

Ingkang dahat kinurmatan Bapak kaliyan Ibu guru

Ugi para rencang-rencang kula ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin mangga kita sesarengan munjuk raos syukur dhateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan arupi kesarasan. Sumangga kita atur Alhamdulliah!

Ingkang menika kula badhe pidato babagan kedisiplinan ingkang sekolah. Sapunika kathah siswa-siswi prilakunipun mboten becik kaliyan tata krama kayata mbeta Hp, mboten piket, mboten manut kaliyan peraturan, ngrokok, cangkruk’an, pacaran lsp. Sedaya wau saget dipunsebabken kaliyan lingkungan, mboten ditandur nilai-nilai sosial wiwit alit lan saking pribadinipun.

Lingkungan siswa ingkang mboten becik kayata lingkungan ingkang kathah kekerasan lan kirang perhatian saget nyebabaken siswa madosi perhatian. Dadosipun siswa dados nglamak kirang becik.

Nilai-nilai sosial kedah dipuntandur wiwit awal kangge para siswa supados siswa ngertos pundi ingkang becik lan ala. Ndadosaken tata krama siswa saget dipunatur.

Mboten sedaya siswa kagungan pribadi ingkang becik. Kathah siswa ingkang kesadaran dirinipun kurang. Menika saget amargi pergaulan ingkang ala ugi perkembangan teknologi.

Sedaya mau saget dipuncegah kanthi cara siswa tambah ditegesi malih. Namung sekolah inggih kedah ngadakaken kegiatan ingkang bermanfaat lan sekolah saget nyiptaaken kahanan ingkang beda kayata ingkang proses pembelajaran wonten game ingkang saget ngilaaken rasa bosenipun siswa.

Bapak lan Ibu guru ugi rencang-rencang kula ingkang minulya.

Cekap semanten pidato saking kula, kula tansah nyuwun pangapunten yen wonten kalepatan lan salah kata. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Penjelasan:

semoga membantu

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh reygg2 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 20 Jun 21