Pak Kerto duwe anak songo, anak lanange ana lima lan

Berikut ini adalah pertanyaan dari rekhamrickycool5143 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Pak Kerto duwe anak songo, anak lanange ana lima lan wadone ana papat. Pak Kerto iku salah sawijine kuli bangunan sing paling sregep ing desane. Saben isuk budhal nguli bangunan nganti sore. Sak bare Isya' budhal njaga tokone juragan beras ing desane. Nanging bayarane Pak Kerto tetep wae ora cukup kanggo nyekolahake anak – anake lan kanggo nyukupi kebutuhane keluarga. Panguripane Pak Kerto kathon sengsara banget. Panguripane Pak Kerto bebasan kaya .... Mohon bantuannya ya!

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Panguripane Pak Kerto bebasan kaya ....

➡️ Kebo kabotan sungu.

Penjelasan

  • Kebo kabotan sungu tegese wong sing panguripane rekasa/sengsara amarga kakehan anak.

__________________

{Paribasan, Bebasan, Saloka}

Paribasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.

—☆ Tuladha :

1. Kebat kliwat, gancang pincang.

✧Tegese : tumindak kanthi kesusu, asile ora bakal maremake.

2. Anak polah bapak kepradhah.

✧Tegese : tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwane.

3. Adigang, adigung, adiguna.

✧Tegese : ngendhalekake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.

Bebasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.

—☆ Tuladha :

1. Nglungguhi klasa gumelar.

✧Tegese : mung kari nemu penake.

2. Suduk gunting tatu loro

✧Tegese : tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan (kerugian) rong werna.

3. Nututi layangan pedhot.

✧Tegese : mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

Saloka

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.

—☆ Tuladha :

1. Asu belang kalung wang.

✧Tegese : wong asor nanging sugih bandha donya.

2. Cebol nggayuh lintang.

✧Tegese : wong mlarat nduwe gegayuhan (kekarepan) sing mokal kasembadan.

3. Kacang ora ninggal lanjaran.

✧Tegese : sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 2 - Budaya

Kata Kunci : Bebasan kebo kabotan sungu

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 11 Jul 21