#Jawaban disertai penjelasan##Tentang tembang sinom#​

Berikut ini adalah pertanyaan dari JessicaMauren pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

#Jawaban disertai penjelasan#
#Tentang tembang sinom#​
#Jawaban disertai penjelasan##Tentang tembang sinom#​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1.

Apa tegese ukara ambeke kang wus utama?

→ Tegese wong sing nduweni watak bisa tekan tujuan utama ing kauripan.

2.

Kepriye karepe ukara pintere den alingi bodhone dinokok ngayun?

→ Wong sing pintere ditutupi/dialangi, malah bodhone diwenehne ngarep supaya padha ngerti.

3.

Apa karepe gatra pamrihe den inaa mring padha-padhaning janmi?

→ Karepe supaya dihina, dielek-elek karo padha-padhane manungsa.

4.

Sapa sing malah seneng yen diina dening liyan?

→ Sapadha-padhane manungsa.

5.

Apa tegese ukara balilu kang sun alingi, kabisan sun dekek ngarsa?

→ Wong sing bodhone ditutupi/dialangi, dene kemampuane/kapinterane diwenehne ngarep.

6.

Isin menek den arani, balilu ing sujanmi, kepriye karepe gatra kasebut?

→ Dheweke isin yen diarani manungsa sing bodhone ngluwihi.

7.

Parandene jrone tyas, lumaku ingaran wasis, kepriye tegese gatra kasebut?

→ Wong koyo ngono mau, ing jroning ati tetep nglakokake tumindak supaya diarani pinter.

8.

Ing tembung dhuwur iku, sapa sing rumangsa durung bisa nglakoni tumindak utama?

→ Wong sing rumangsa durung bisa gelem ngalah, ora bisa migunani tumrap awakedhewe lan wong liya.

9.

Wong kang cubluk iku kang kepriye?

→ Wong sing bodho pikirane.

10.

Sanajan rikala isih cilike ora kurang-kurang anggone nuturi, nanging panganggit rumangsa kepriye?

→ Rumangsa ora sadar yen akeh omonge. Nanging anggone nuturi luwih dimangerteni maneh rikala dheweke wis sadar.

Penjelasan

Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning jalmi.

Amiguna ing aguna,

sasolahe kudu bathi.

Pintere den alingi,

bodhone dinokok ngayun.

Pamrihe den inaa,

mring padha padhaning jalmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.

  • Tegese :

Watake wong kang wis sampurna/utama,

Ora ngremehake kapinteran manungsa liyane,

Bisa gunani saka kapinterane mau,

Kabeh polah lakune nguntungake awakedhewe,

Kapinterane ditutupi,

Bodhone dideleh ngarep,

Karepe supaya dihina,

Karo padha-padha menungsa,

Seneng lan bungah yen dihina sapadha-padha.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : BahasaJawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Serat Wulangreh

Kata Kunci : Sinom

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 17 May 21