Budhe mau ora numpak sepedah amarga diterake mas joko ,seng

Berikut ini adalah pertanyaan dari afrizdit873 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Budhe mau ora numpak sepedah amarga diterake mas joko ,seng uga arep lunga menyang Tulungagungowahana dadi

Ngoko alus:
krama lugu:
krama alus:

bantu ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

Budhe mau ora numpak sepedah amarga diterake mas joko ,seng uga arep lunga menyang Tulungagung

owahana dadi

Ngoko alus : Budhe mau ora nitih sepedha, amarga diderekaken mas Joko, sing arep tindak menyang Tulungagung.

krama lugu : budhe wau mboten nitih sepedha, amargi diteraken mas Joko, ingkang badhe kesah ten Tulungagung.

krama alus : budhe kalawau mboten nitih sepedha, amargi dipunderekaken mas Joko, ingkang badhe tindak dhateng Tulungagung.

-----------------------------------

Pembahasan

Unggah ungguh basa ana 4 :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

→ Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Tuladha :

  • Kowe anake sapa?l
  • bapak wis mangan apa durung?

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

→ Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

→ Tuladha :

  • panjenengan anake sapa?
  • bapak wis dhahar apa durung?

3. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

→ Titikane :

  • basane Krama
  • tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  • ater ater lan panambange dikramakake

Tuladha :

  • sampeyan yogane sinten?
  • bapak mpun nedha napa dereng?

4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)

Tuladha :

  • panjenengan putranipun sinten?
  • bapak sampun dhahar punapa dereng?

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 12 Nov 22