4.Gatekna tembang Durma ikilDipun sami ambanting sariranira,Cegah dhahar lan guling,Darapon

Berikut ini adalah pertanyaan dari Ajiikilur pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

4.Gatekna tembang Durma ikil
Dipun sami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Remrema ing tyas sireki,
Dadi sabarang
Karsanira lestari.
Wangsulana adhedhasar tembang Durma ing dhuwur!
a. Guru gatrane tembang ing dhuwur ana pira?
b. Coba tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang Durma kasebut!
C. "Cegah dhahar lan guling", iku maksude kepriye?
d. Apa manfaate cegah dhahar lan guling iku?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

a. Guru gatrane ana 7 gatra.

b. Guru Wilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

Guru Lagu : a, i, a, a, i, a, i

  • Dadi => 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.

c. Karepe supaya ngurangi mangan lan turu.

d. Manfaate yaiku bisa ndadekake samubarang pegaweyane dadi awet lan migunani, supaya luwih bisa ngendhaleni kekarepan kang angel ditelukake, supaya uripe luwih teratur lan tentrem.

Penjelasan

  • DURMA PADA 1

Dipunsami ambanting ing badanira,

Nyudha dhahar lan guling,

Darapon sudaa,

Nepsu kang ngambra-ambra,

Rerema ing tyasireki,

Dadya sabarang,

Karyanira lestari.

  • Tegese :

Dilakoni bareng nyambut gawe temenan ing awakmu,

Ngurangi mangan lan turu,

Ora lali kurangana,

Kekarepan kang angel ditelukake,

Kendhalenana kekarepane atimu,

Dadi samubarang gawe

Pegaweyan kang awet lan migunani.

  • Gancaran :

Dilakoni bareng-bareng nyambut gawe kanthi tememen ana awakmu kabeh, nyuda mangan lan turu, ora lali kudu digatekake lan dikurangi kekarepan kang angel ditelukake, kendhalenana kekarepane atimu, supaya bisa dadi samubarang gawe kang awet lan migunani.

  • Piwulang luhur :

Ayo padha ngurangi mangan lan turu lan ngendhaleni ati supaya kekarepan bisa ditelukake dadi samubarang gawe kang lestari.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Paugeran, cegah dhahar lan guling

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 21 Jul 21