Gatekno tembang ing ngisor iki!Mingkar-mingkuring ukaraAkarana karenan mardi siwiSinawung resmining

Berikut ini adalah pertanyaan dari agusnuryonosby0515 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Gatekno tembang ing ngisor iki!Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
3. Watak tembang macapat ing 4 poin
dhuwur yaiku ....
A.
kereng
B. wantah
C.
asih asuh
D
luwes manis​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Watake kereng (a)

Penjelasan

{Macapat}

Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang dadi paugerane.

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra. (a,i,u,e,o)

{Pangkur}

Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

» Paugeran Pangkur :

  1. Guru gatra : 7 gatra.
  2. Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
  3. Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i.

» Watak Pangkur :

  • Watake sereng/kereng, antepan ati, lan gagah, lumrah kanggo nyritakake rasa kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel lan kahanan paprangan.

» Tembang Pangkur :

Mingkar mingkuring angkara (8a)

Akarana karenan mardi siwi (11i)

Sinawung resmining kidung (8u)

Sinuba sinukarta (7a)

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung (12u)

Kang tumrap ing tanah Jawa (8a)

Agama ageming aji (8i)

  • Tegese :

Nyingkiri hawa nepsu

Amarga seneng ngajari anak

Karonce endahing tembang

Dipaesi supaya endah

Supaya mangerteni panguripan iku ngelmu luhur

Kang ana ing tanah Jawa (nusantara)

agama dadi “busanane” panguripan.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Watake pangkur

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 23 Jul 21