Gatekna tembang Durma ing ngisor iki!, kanggo pancadan mangsuli pitakon

Berikut ini adalah pertanyaan dari ayul6638 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Gatekna tembang Durma ing ngisor iki!, kanggo pancadan mangsuli pitakon no. 3 LAN no. 4!.Mung tindake dhewe datan winaonan
Ngrasa bener pribadi
Sanadyan benera
Yen tindake wong liya
Pasti den arani sisip
Ikuwong ala
Nganggo bener pribadi

3. Gancarana sapada tembang macapat ingd huwur!

4. Wangsulana miturut tembang ing dhuwur!
a. Apa kang dadi titikane bener miturut tembang ing dhuwur?
b. Sebutna pitutur kang bisa kokjupuk saka tembang ing dhuwur!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

3. Namung tumindake dhewe sing ora dicacat. Dheweke ngrasa sing paling bener. Senajan benera, yen tumindak sing dilakoni wong liya mesthi diarani luput. Kaya ngono kuwi watake wong ala sing kepengen nganggo karep benere dhewe.

4.

  • a. Titikan bener manut karepe dhewe (wong ala), yaiku ngrasa tumindake dhewe sing paling bener nanging ora karo tumindake wong liya sing mesthi dianggep luput.
  • b. Aja seneng golek kaluputane wong liya yen kowe dhewe ora gelem dicacat lan diarani luput, amarga iku kalebu watake wong ala.

Penjelasan

Mung tindake dhewe datan winaonan

Ngrasa bener pribadi

Sanadyan benera

Yen tindake wong liya

Pasti den arani sisip

Iku wong ala

Nganggo bener pribadi

  • Tegese :

Mung tumindake dhewe ora dicacat,

Ngrasa paling bener ing awak,

Senajan benera,

Yen tumindake wong liya,

Mesthi diarani luput,

iku watak wong ala,

nganggo karep benere dhewe.

>> Nggancarake geguritan (Parafrase) tegese ngowahi tembang utawa geguritan dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

  • Carane nggancarake geguritan :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Mung tindake datan winaonan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 27 Jun 21