1. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?2. Sapa sing nganggit geguritan

Berikut ini adalah pertanyaan dari adelista865 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?2. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?
3. Apa temane guritan mau? 4. Pesan moral apa kang kinandhut ing guritan?
5. Basa rinengga apa kang kinandhut ing guritan?
6. Manut panggurit, kepriye bumi Indonesia iku? Critakna nganggo basamu dhewe!

tolong ya teman teman:(​
1. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?2. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?3. Apa temane guritan mau? 4. Pesan moral apa kang kinandhut ing guritan?5. Basa rinengga apa kang kinandhut ing guritan?6. Manut panggurit, kepriye bumi Indonesia iku? Critakna nganggo basamu dhewe!tolong ya teman teman:(​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

➡️ Indonesiaku.

2. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?

➡️ Septika Ratna S.

3. Apa temane guritan mau?

➡️ Kahanan Indonesiaku.

4. Pesan moral apa kang kinandhut ing guritan?

➡️ Senajan Indonesia iku negara kang kadang ora preduli mring rakyat kesrakat, mring tatanan kautaman, mring uripe liya lan mulya ing sadhuwure lara-lapane wong kang ora nduwe, nanging kudu tetep ngakoni yen Indonesia iku negeri kelairan kang wis menehi akeh kamulyan nalika urip ing donya.

5. Basa rinengga apa kang kinandhut ing guritan?

➡️ Basa rinengga kang tinemu ing geguritan akeh-akehe tembung saroja, upamane jamrud khatulistiwa (panggonan Indonesia ing antarane garis khatulistiwa kang akeh padang wit-witan kang ijo), guyub rukun (bebarengan nglakokake pegaweyan kanthi rukun), ijo royo-royo (ijo banget), lara lapa (penderitaan/nglakoni susah), papa sudra (golongan wong sing drajate rendah), lsp.

6. Manut panggurit, kepriye bumi Indonesia iku? Critakna nganggo basamu dhewe!

➡️ Manut panggurit, bumi Indonesia iku kekayaan alame akeh kayata rawa, samudra raya tanpa winates, pulo-pulone katon ijo royo-royo akeh lan endah disawang ing mripat, urip bebarengan kanthi guyub rukun mbangun negara. Ananging uga ana kurange, kayata Indonesia iku akeh wong-wong sing urip mulya ing sadhuwure lara-lapane wong sing drajate rendah, ora preduli marang aturan, lsp. Kabeh negara iku ana kurang lan luwihe, kudu tetep diakoni lan disyukuri, senajan tanah kelairane ing Indonesia urip satekane kanthi pati.

Penjelasan

1. Irah-irahan yaiku judhul, sing manggon ana dhuwure paragraf.

2. Sing nganggit tegese sing ngarang, sing gawe geguritan kuwi.

3. Amarga ing ndhuwur nyritakake gegambaran "Kahanan (Keadaan) Indonesia".

  • Yen namung "Indonesiaku" iku judule, dudu temane.

4. Geguritan ing ndhuwur awale ngandharake kaendahan Negeri Indonesia, nanging sebanjure ngandharake susahe urip ing Indonesia. Senajan mangkono awakdhewe kudu tetep ngakoni, Indonesia iku wis paring apa wae kanggo urip manungsa saka kekayaan alame.

5. Basa Rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah.

» Jinis basa rinengga ada 9 yaiku :

  1. Tembung saroja
  2. Tembung entar
  3. Wangsalan
  4. Paribasan
  5. Bebasan
  6. Saloka
  7. Purwakanthi
  8. Parikan
  9. Pepindhan

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 5 - Geguritan

Kata Kunci : Basa Rinengga, Gancaran Geguritan Indonesiaku, irah-irahan, tema, anggitan geguritan Indonesiaku

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 16 Jul 21