Owahana tembang dolanan ing ngisor iki dadi gancaran!Jaranan-jaranan jarane jaran

Berikut ini adalah pertanyaan dari Radenayu5791 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Owahana tembang dolanan ing ngisor iki dadi gancaran!Jaranan-jaranan jarane jaran teji,Sing nunggang ndara BeiSing ngiring para mantri,Jeg-jeg nong jeg-jeg gungProg-prog turut lurungGedebug krincing gedebug krincingProg, prog gedebug jedherWangsulan : ....​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran tembang :

➡️ Ana wong padha numpak jaran, jaran sing ditumpaki jaran teji. Sing numpaki jaran teji ndara bei, diiringi para mantri. Swarane gamelan sing ngiringi jeg-jeg nong, jeg-jeg gung, swara sikile jaran gedebug-gedebug barengan karo swarane krincingan ing gulu lan sikile jaran kumrincing lan swarane pecut pating jedher, semono uga sepatune para mantri nalika mlaku prok-prok, mlaku ing saurute lurung.

Penjelasan

» Nggancarake tembang dolanan yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

Carane nggancarake tembang bisa kanthi nambahi tembung panggandheng, tembung katrangan, lan tembung liyane utawa ngurangi tembung sing ora perlu supaya isine tembang kasebut tambah jelas.

- Carane nggancarake tembang :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 4

Materi : Piwulang 5 - Macapat

Kata Kunci : Nggancarake tembang dolanan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 4.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 19 Jul 21