Ukara- ukara kang migunakake basa krama lugu (madya) iki dadekna

Berikut ini adalah pertanyaan dari Miradove3658 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ukara- ukara kang migunakake basa krama lugu (madya) iki dadekna basa ngoko lugu!1.ibu dereng kesah dhateng peken.
2.bapak sampun wangsul saking kantor.
3.adhik nedha bubur lan ibu nedha sekul jagung.
4.kula nginum es teh lan bapak nginum kopi susu.
5.ita dipuntumbasaken buku dongeng kaliyan bapakipun.
6.eyang putri nembe kemawon tilem wonten kamaripun.
7.budhe mboten purun ngengken adhi kula dhateng warung.
8.sampeyan punapa siyos mlampah- mlampah dhateng alun- alun?
9.mangga tedhanipun dipun tedha sareng- sareng.
10.kula dipunsukani buku tulis setunggal lusin kaliyan pak mamat.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

✏️WANGSULAN:

  1. Ibu durung lunga menyang pasar.
  2. Bapak uwis bali saka kantor.
  3. Adhik mangan bubur lan ibu mangan sega jagung.
  4. Aku ngombe es teh lan bapak ngombe kopi susu.
  5. Ita ditukokake buku dongeng karo bapak e.
  6. Eyang putri lagi wae turu ing kamar e.
  7. Budhe ora gelem ngongkon adhikku menyang warung.
  8. Kowe apa sida mlaku-mlaku menyang alun-alun?
  9. Ayo panganane dipangan bareng bareng.
  10. Aku diwenehi buku tulis saklusin karo Pak Mamat.

✏️PENJELASAN:

>>Basa ngoko lugu yaiku basa sing dinggo ngomong karo kanca utawa para sedulur sing umur e satingkat, basa ngoko iki uga digunakake karo wong sing luwih tua marang wong sing luwih enom. Basa Ngoko lugu iki basane rada kasar.

>>Basa ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran basa Krama Inggil, basa Ngoko alus iki digunakake wong dewasa marang wong dewasa sing biasa nganggo basa ngoko. Ngoko alus iki uga digunakake karo wong sing luwih tua marang wong sing luwih enom nanging drajade luwih dhuwur.

>>Basa Krama lugu yaiku basa Krama sing ora kacampuran basa Krama Inggil. Basa krama lugu iki sakngisore basa Krama Inggil.

>>Basa Krama Inggil/alus yaiku basa sing dinggo ngomong wong sing luwih enom marang wong sing luwih tua, dadine basa Krama Inggil Iki luwih ngajeni.

======================

⚡ MATURNUWUN ⚡

aifahuwaida88

✏️WANGSULAN:Ibu durung lunga menyang pasar.Bapak uwis bali saka kantor.Adhik mangan bubur lan ibu mangan sega jagung.Aku ngombe es teh lan bapak ngombe kopi susu.Ita ditukokake buku dongeng karo bapak e.Eyang putri lagi wae turu ing kamar e.Budhe ora gelem ngongkon adhikku menyang warung.Kowe apa sida mlaku-mlaku menyang alun-alun?Ayo panganane dipangan bareng bareng.Aku diwenehi buku tulis saklusin karo Pak Mamat.✏️PENJELASAN:>>Basa ngoko lugu yaiku basa sing dinggo ngomong karo kanca utawa para sedulur sing umur e satingkat, basa ngoko iki uga digunakake karo wong sing luwih tua marang wong sing luwih enom. Basa Ngoko lugu iki basane rada kasar.>>Basa ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran basa Krama Inggil, basa Ngoko alus iki digunakake wong dewasa marang wong dewasa sing biasa nganggo basa ngoko. Ngoko alus iki uga digunakake karo wong sing luwih tua marang wong sing luwih enom nanging drajade luwih dhuwur.>>Basa Krama lugu yaiku basa Krama sing ora kacampuran basa Krama Inggil. Basa krama lugu iki sakngisore basa Krama Inggil.>>Basa Krama Inggil/alus yaiku basa sing dinggo ngomong wong sing luwih enom marang wong sing luwih tua, dadine basa Krama Inggil Iki luwih ngajeni.======================⚡ MATURNUWUN ⚡[tex]aifahuwaida88[/tex]

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aifahuwaida88 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 18 Jan 22