terangna carane ngowahi tembang macapat dadi paragraf

Berikut ini adalah pertanyaan dari Hugthok pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Terangna carane ngowahi tembang macapat dadi paragraf

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Cara ngowahi tembang macapat dadi paragraf :

  1. Negesi saben tembung kanthi nggoleki ing bausastra (Kamus Basa Jawa)
  2. Ngrakit tembung-tembung mau dadi ukara wujud paragraf kanthi paugeran panulise karangan gancaran/parafrase, kanthi cara bisa nambahi tembung katrangan, tembung panggandheng, utawa tembung liyane supaya luwih jelas.
  3. Panulisane kudu nggatekake tata tulis lan tandha waca sing bener.

Penjelasan

» Nggancarake tembang yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

  • → Carane nggancarake tembang bisa kanthi nambahi tembung panggandheng, tembung katrangan, lan tembung liyane utawa ngurangi tembung sing ora perlu supaya isine tembang kasebut tambah jelas.

>> Kang kudu digatekake menawa arep nggancarake tembang :

1. Nyuda/nambahi tembang supaya luwih gampang dimangerteni.

2. Tembung-tembung kawi ditegesi kanthi disalini tembung lumrah utawa basa saben dina.

3. Tembung sandi utawa tembung garba kudu diwudhari.

4. Ukara kang kaiket nganggo paugeran baliswara kudu diwudhari.

5. Ngilangi/nambahi ater-ater, seselan, lan panambang.

Ukara-ukara kang iketane nggunakake baliswara kudu diwudhari luwih dhisik dadi ukara gancaran

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Nggancarake tembang

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21