Apa sing diarani teks narasi?

Berikut ini adalah pertanyaan dari dezytity86 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Apa sing diarani teks narasi?

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Teks narasi yaiku teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadeyan kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan utawa kronologis, saengga sing maca kaya ngalami tenan.

Penjelasan

{Narasi}

» Tujuan panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe.

» Fungsi wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo

marisake nilai budi pekerti luhur.

{Struktur teks narasi}

  1. Orientasi, sudut pandhang/pamawas lan pengenalan utawa tetepungan, maksude pamawas utawa tetepungan karo tokoh/paraga, latar/setting, prakara/prastawa, sing ana sajerone wacan narasi.
  2. Komplikasi, tegese wis ana perkara sing bakal dadi underan/pokok lan ndadekake aluring crita.
  3. Klimak, prakara wis tambah ngambra-ambra lan ruwet.
  4. Resolusi, prakara wis nemokake dalane kanggo ngrampungi.
  5. Reorientasi pamawas ulang (yen ana).
  6. Koda/amanat, rupa panutup, bisa dudutan/kesimpulan, nilai budi pekerti sing bisa didudut saka isine crita, amanat utawa pesen.

{Titikan teks Narasi}

  1. Nyritakake babagan kisah, crita, utawa prastawa.
  2. Kronologi utawa urutan crita kang jelas.
  3. Anane prastawa utawa konflik.
  4. Nduweni unsur-unsur pembentuk (tema, latar, karakter).

{Jenis teks Narasi}

  1. Narasi artistik => narasi kang sifate fiktif utawa majinatif.
  2. Narasi sugestif => narasi kang menehi sugesti (pengaruh/dorongan) marang wong liya.
  3. Narasi ekspositoris => narasi kang sifate informatif utawa jelas.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang - Narasi

Kata Kunci : Narasi yaiku

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 09 Jul 21