Teks:SAWUNGGALINGBedhug kenthang-kenthang, mulih saka dolan Jaka Berek atine mbedhegel, praupane

Berikut ini adalah pertanyaan dari DeliaParamita3655 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Teks:SAWUNGGALING

Bedhug kenthang-kenthang, mulih saka dolan Jaka Berek atine mbedhegel,

praupane abang mbranang ngempet kanepson. Jaka Berek muring-muring

temenan, saben-saben dolan mesthi dienyek karo kanca-kancane amarga mlarat,

diloke bocah karam ora duwe bapak.

" Biyung....! Biyung aku isin..! Aku emoh dolan maneh..., aku isin!" swara

Jaka Berek bengok-bengok.

" Gek ana apa ta le, kok bengok-bengok, yen ana perkara mbok ngomong

biyung iki..!" Biyunge sumaur saka njero, banjur lungguh njejeri Jaka Berek sing

lagi lungguh lincak ing emper omah.

" Biyung..., aja gela atimu ya, aku daktakon. Sejatine bapakku kuwi sapa,

jare kancaku aku bocah karam ora duwe bapak. Simbah daktakoni dikongkon

takon biyung. Yen pancen aku duwe bapak sapa bapakku, yen isih urip nang

endi panggonane, yen mati endi kubure?" Pitakone Jaka Be

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban dan Pembahasan

1. Apa judhule teks crita wayang ing dhuwur?

➡️ Sawunggaling.

2. Apa tema saka teks ing dhuwur?

➡️ Perjuwangan anak kanggo nemoni bapake.

3. Kepriye alur saka crita teks ing dhuwur?

➡️ Alur campuran, amarga nyritakake gabungan kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan lan kedadeyan jaman dhisik.

  • Alur maju = bedhug kenthang-kenthang....
  • Alur mundur = nalika Adipati Jayengrana mirsani slendhang...

4. Sapa bae paraga utama lan paraga tambahane? Kepriye wewatakane paragane?

➡️

» Paraga utama :

  • Jaka Berek, watake wani, manut wong tuwa, murang tata karo wong liya, gampang muring.

» Paraga tambahan :

  1. Biyung Jaka Berek (Dewi Sangkrah), watake sabar, ikhlas, becik, tresna asih marang anake.
  2. Adipati Jayengrana, watake ora gampang percaya karo wong liya, galak, luluh marang wong sing ditresnani,
  3. Prajurit loro, watake manut karo rajane, gampang wedi, alus budine.
  4. Pangeran Sawungrana lan Sawungsari, watake gedhe endhase, wani, kasar.

5. Kepriye latar wektu lan panganggone?

➡️ Latar wektu : bedhug kenthang-kenthang (wayah awan)

Latar panggonan : kadipaten Surabaya

6. Sudut pandang apa sing digunakake?

➡️ Sudut pandang wong katelu (sarwa ngerti), amarga teks kasebut nggunakake 'jeneng wong' ing critane.

7. Kepriye lelewaning basa/kawruh basa kang ana ing teks?

➡️ Nggunakake kawruh basa euphesisme, yaiku unen – unen sing surasane luwih alus (basa rinengga).

◉ tuladhane :

  • praupane abang mbranang ngempet kanepson.
  • Jaka Berek njawab blaka suta marang adipayi Jayengrana.

8. Nilai moral/amanat apa sing bisa dijupuk saka teks ing dhuwur?

➡️

1. Tansah manut ngendikane wong tuwa

2. Wani berjuang kanggo ngentukake apa sing dikarepake

3. Kudu ikhlas lan sabar ngadhepi samubarang kang ora kepenak ing ati

4. Ora gampang percaya guneme karo wong liya

5. Dadi wong iku kudu nduwe tata krama supaya diajeni wong liya

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Crita Sawunggaling

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21