Dalan PilihanDening : Ibu SunamiYen dalan iki kang kok pilihTatanen

Berikut ini adalah pertanyaan dari tyasningrum50 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Dalan PilihanDening : Ibu Sunami

Yen dalan iki kang kok pilih
Tatanen atimu, kencengna tekadmu
Sangua kagunan lan kawegigan
Awit dalan ild rumpil, kaya wotogal- agil
Akeh dhemit, akeh buta cakil kang jail

Kang koksandhang pancen ora kena kograyang
Kang kokgendhong pancen dudu emas barleyan segenthong
Amung pusaka kuna saka galihe kayu jati

Aja sambat yen kena en
Aja wedi yen ana gerenge kang jaga wana
Panas udan, ngelak ngelih aja njelih
Nadyan akeh woh-wohan kang gumandhuling pinggir marga
Aja kok gepok, aja kok senggol, awit iku woh isi wisa

Yen dalan iki kang kopilih
Pancen kudu sangu ati putih
Tekadmu kudu waja, getihmu kudu abang mbranang

Ing pucuke marga kana, ana rembulan tanpa mega
Gilar-gilar binarung swara ngrangin tembang dhandhanggula
Nora gampang anggayuh budi utami
Lan tindak kang prasaja

1. Apa irah irahan geguritan ing dhuwur?
2. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?
3. Apa tema ing geguritan ing dhuwur?
4. Basa rinengga apa kang kinandhut ing geguritan mau?
5. Apa gagasan baku geguritan pada 1?
6. Apa gagasan baku geguritan pada 2?
7. Apa gagasan baku geguritan pada 3?
8. Apa gagasan baku geguritan pada 4?
9. Apa gagasan baku geguritan pada 5?
10. Pesan moral apa kang kinandhut ing geguritan mau? ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

maksudnya apa yang di isi

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh xichantick09 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 06 Jul 21