1.) A. ukara ngisor iki owahana dadi basa krama alus!•

Berikut ini adalah pertanyaan dari candraajias pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1.) A. ukara ngisor iki owahana dadi basa krama alus!• Bapak ora sida tindak amarga udan.
B. Ukara ngisor iki owahana dadi basa krama lugu!
• Zaidan lunga menyang pasar tuku sepatu.
2.) A. Gawea ukara lamba kanthi pola J - W - L - K papan
B. Gawea ukara camboran kanthi pola J - W - J - W - L
Kw

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. a. Bapak mboten siyos tindak amargi jawah.

b. Zaidan kesahdhateng pekentumbas sepatu.

2. a. - Para siswa kelas 9 nulis laporan kegiatan ing sekolah.

- Bimo tuku gula menyang warung.

- Ibu masak sega goreng ing pawon.

b. - Aku turu, adhik dolanan boneka awan mau.

- Doni sekolah, ibu nyiapake sangune esuk mau.

- Rina nari, Roni nyanyi dangdut wayah wingi.

Penjelasan

1. » Basa Krama kaperang dadi 2, yaiku :

  • Krama Lugu

Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung krama.

✓ Krama lugu digunakake:

(1) Wong kang durung akrab utawa durung kulina.

(2) Wong sing luwih dhuwur drajate marang wong sing luwih tuwa.

Tuladha:

1. Pak Bayu ngertos panggenane Walanda.

2. Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?

3. Mangke kula betakake dhateng daleme panjenengan.

4. Kopine sampun diunjuk eyang kakung.

  • Krama Alus

Yaiku basa Jawa sing kadadean saka basa krama lugu lan tembung krama inggil.

✓ Krama alus digunakake:

(1) Marang wong kang diajeni banget.

(2) Abdi marang bendara.

Tuladha:

1. Bapak Bupati taksih gerah.

2.Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.

3. Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.

4. Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.

2. - Ukara Camboran yaiku ukara kang gagasane luwih saka siji. JWLK luwih saka siji.

- Ukara Lamba yaiku ukara sing kedadeyan saka sagatra (klausa). Ukarane mung dumadi saka jejer lan Wasesa sarta bisa ditambah lesan lan katrangan.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang 5

Kata Kunci : Krama Alus, Krama lugu, Ukara Camboran, Ukara Lamba, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 07 Jun 21