2.pasangan aksara jawa kang wujude padha karo aksarane ana papat

Berikut ini adalah pertanyaan dari aisyah09520 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

2.pasangan aksara jawa kang wujude padha karo aksarane ana papat yaiku....3.sandhangan swara wujude yaiku....​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

2. Yaiku Ra, Ya, Ga, Nga.

3. Yaiku Wulu ꦶ (i), Suku ꦸ (u), Taling ꦺ (e), Pepet ꦼ (e`), Taling tarung ꦺꦴ (o).

Penjelasan

  • {Aksara Jawa}

Aksara jawa utawa sing diarani Hanacaraka iku salah sijine aksara tradisional kang ana ing pulo Jawa. Aksara Jawa iki digunakake ing sastra utawa tulisan sedina-dina masyarakat Jawa. Nalika arep maca utawa nulis aksara Jawa, awake kudu mangerteni dhisik aksara Jawa iku ana apa wae. Aksara Jawa utawa sing diarani aksara Dentawyanjana uga diarani Carakan iku cacahe ana 20.

  • {Pasangan Aksara Jawa}

Saben-saben aksara Dentawyanjana kang cacahe ana 20 iku duweni pasangan dhewe-dhewe. Pasangan iki digunakake kanggo nulis aksara Jawa kang sigeg/paten sakliyane h, r, lan ng. Pasangan iki manggon ana ing tengahe tembung utawa tengahe ukara.

  1. Pasangan aksara jawa sing manggon ing sisihe/jejere yaiku Ha, Sa, Pa, Nya.
  2. Pasangan aksara Jawa sing manggon ing ngisore yaiku Ca, Ra, Ka, Da, Ta, La, Dha, Ja, Ya, Ma, Ga, Ba, Tha, Nga.
  3. Pasangan aksara Jawa sing ditulis nggantung/gandhul yaiku Na lan Wa.
  4. Pasangan aksara jawa sing wujude padha karo aksarane yaiku Ra, Ya, Ga, Nga.

Sandhangan Swara, kanggo ngowahi swara saka fonem (a) dadi swara liyane. Ana lima cacahe sandhangan swara

  1. Wulu ꦶ (i), tuladhane guling, sapi, kucing, keri.
  2. Taling ꦺ (e), tuladhane sate, wedang, suwe, golek.
  3. Suku ꦸ (u), tuladhane lunga, madu, sarung, lumut.
  4. Pepet ꦼ (e`), tuladhane sega, sepet, lega, merem, cedhak, kebo
  5. Taling tarung ꦺꦴ (o), tuladhane soto, loro, obat, bolong.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 7 - Aksara Jawa

Kata Kunci : Pasangan, sandhangan aksara Jawa

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.7

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 24 Aug 21