Tembang sapada ing ngisor iki tulisen, guru gatra, guru wilangan

Berikut ini adalah pertanyaan dari adecintaquranfoundat pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tembang sapada ing ngisor iki tulisen, guru gatra, guru wilangan lan guna lagime sabengatravel
Pamedhare wasitining ati
cumanthaka aruru pujangga,
dahat iudha ing batine,
nanging kedah ginunggung.
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpala,
hasa kang kalantar
tutur kang kahala-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh
mrih padhanging sasmita​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Paugeran Dhandhanggula :

  1. Guru gatra : 10 gatra
  2. Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
  3. Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

Penjelasan

Pamedhare wasitaning ati, (10i)

cumanthaka aniru Pujangga, (10a)

dhahat mudha ing batine, (8e)

nanging kedah ginunggung, (7u)

datan wruh yen keh ngesemi, (9i)

ameksa angrumpaka, (7a)

basa kang kalantur, (6u)

tutur kang katula-tula, (8a)

tinalaten rinuruh kalawan ririh, (12i)

mrih padhanging sasmita. (7a)

  • Tegese :

Ngandharake pitutur ati,

Wani niru pujangga,

isih enom lan durung ngerti banget,

nanging amarga pengen dialem ing batine,

ora ngerti yen akeh sing ngrasani,

tetep meksa kanggo nganggit,

basa sing nglantur,

pocapan sing ora guna,

digawe kanthi tlaten lan alon,

supaya bisa padhang ing pratandha.

» Paugeran Macapat :

Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang dadi paugerane.

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra. (a,i,u,e,o)

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : paugeran dhandhanggula

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 05 Aug 21