Wacan kanggo pitakon nomer 10 - 13Dumadine Kutha SalatigaNalika tekan

Berikut ini adalah pertanyaan dari ssela2583 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Wacan kanggo pitakon nomer 10 - 13Dumadine Kutha Salatiga
Nalika tekan tengah ngalas gung liwang-liwung Ki Ageng Pandhanaran nalika menyang
Tembayat nindhakake dhawuhe Sunan Kalijaga, disusul garwane Rambawati kang isih ana
mburi. Dumadakan ana begal telu ngadhang nggawa gegaman njaluk bandane, njalari
Rambawati keweden banjur menehake raja brana kang ana ing tekene.
Sabanjure Rambawati mlayu sipat kuping nututi garwane, ora let suwe tekan
panggonane sing disusul. Sawise ilang kesele dheweke banjur nyritakake lelakon kang
dumadi kanthi tumungkul, rumangsa getun ora manut dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga.
Krungu wadule Rambawati, Ki ageng Pandhanaran ngendika karo mesem " Pancen
kowe ora gelem nggatekake dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga. Yen arep melu aku kowe
ora kena nggawa raja brana. Sing wigati golek sangu kanggo urip besuk ing akherat." Ki
Ageng Pandhanaran meneng sedhela banjur mbacutake ngendikane “Sejatine kuwi dudu
salahmu dhewe. Kuwi salahe wong telu, yaiku aku, kowe lan kecu kuwi. Mula kanggo
pengiling-eling besuk yen ana rejaning jaman, papan iki tak jenengake Salahtiga. Muga-
muga bisa dadi papan kang reja." Tembung Salahtiga suwe-suwe banjur owah dadi
Salatiga
10. Legenda yaiku cerita rakyat utawa dongeng sing isine .....
A. sing paragane kewan
B. kang nyritakake alaming lelembut
C. nyritakake perjuangane pahlawan
D. nyritakake asal-usul dumadine panggonan
537
Bahasa Jawa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

10. Legenda yaiku cerita rakyat utawa dongeng sing isine .....

➡️ D. nyritakake asal-usul dumadine panggonan.

Penjelasan

Crita rakyat yaiku cerita kang ora nyata (fiksi) dumadi ing sawijining wektu lan kanthi gethok tular diceritakake dening masyarakat. Crita kasebut banjur diarani cerita rakyat.

Jinise crita rakyat :

1. Mite yaiku crita kang ana gegayutane karo alam lelembut utawa ghaib.

  • >> Tuladha : Nyi Roro Kidul, Nyi Pelet, Thuyul, lsp.

2. Fabel yaiku yaiku crita kang paragane awujud kewan.

  • >> Tuladha : Kancil lan Baya, Kancil nyolong timun, Lutung Kasarung.

3. Legendha yaiku crita gegandhengan karo dumadine sawijining papan utawa panggonan.

  • >> Tuladha : Kali Putih, Gunung Tidar lan Tombak Kyai Sepanjang, Candhi Sewu/Roro Jonggrang, Tangkuban Prau, Dumadine Kutha Salatiga

4. Hikayat yaiku crita kang mbahas babagan paragane kanthi cetha.

  • >> Tuladha : Abu Nawas, Aladin.

5. Babad yaiku crita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi critane.

  • >> Tuladha : Babad tanah Jawa

6. Sejarah yaiku crita kang kedadean tenan lan ana bukti nyatane.

  • >> Tuladha : Jendral Sudirman, Cut Nyak Dien, Patih Gajahmada.

7. Roman yaiku crita kang nggambarake uripe pawongan wiwit lair tekan patine.

  • >> Tuladha : Ringin kurung.

8. Sage yaiku crita rakyat kang ana gegayutane karo kepahlawanan.

  • >> Tuladha : Damar wulan, Tutur tinular, Angling darma

9. Farabel yaiku crita rakyat kang nduweni piwulang babagan kabecikan.

  • >> Tuladha : Bawang Merah Bawang Putih, Joko Tingkir, Ande-ande Lumut.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang - Crita rakyat

Kata Kunci : Legendha yaiku

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 01 Aug 21