Gatekna tembang Gambuh ngisor ikilSekar gambuh ping catur Kang cinatur

Berikut ini adalah pertanyaan dari nanijamu45 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Gatekna tembang Gambuh ngisor ikilSekar gambuh ping catur Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

Kadalu warsa kapatuh Katutuh pan dadi awon

46. Kepriye gancarane tembang ing dhuwur? Coba jlentrehnal​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran :

➡️ Tembang gambuh kaping papat iki ngandharake babagan tindak-tanduke manungsa sing kebablasen, yen ora diwenehi pitutur bakal tansah nandhang cilaka, saya suwe bakal dadi kulina lan ora bisa dikendhaleni, wusanane ndadekake tumindak ala kang bisa ngrugekake manungsa dhewe.

Penjelasan

  • Gancaran tembang gambuh ing dhuwur nanging luwih dawa :

➡️ Tembang gambuh kaping papat iki menehi pitutur supaya awake dewe kudu njaga omongan. Omongan lan tindak tanduk kang ala lan wis keblabasen bakal dadi aji kang elek ing ragane awake dewe. Pituture wong kang luwih tua kudu digatekake tenan, uga kita kudu bisa nglakoni apa kang dikandani wong tuwa saksuwene pitutur iku bener. Yen pitutur kuwi ora kita lakoni, suwe-suwe kita bakal dadi wong kang ala, ora enek sing ngurmati lan ora bakalan dadi wong bener apa meneh sukses.

» Tembang gambuh lan tegese :

Sekar gambuh ping catur

  • (Tembang iki tembang sing kaping papat)

Kang cinatur polah kang kalantur

  • (Sing dadi omongan yaiku lakon kang keblabasen)

Tanpa tutur katula-tula katali

  • (Yen ora dikandani bakal tansah cilaka)

Kadaluwarsa katutuh

  • (Saya suwe dadi pakulinan)

Katutuh pan dadi awon

  • (Pakulinan kang ndadekake ala)

______________

» Nggancarake tembang yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

>> Cara nggancarake tembang :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Nggancarake tembang gambuh

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 29 Jul 21