gawea pacelathon (dialog) sing nggunakake basa ngoko lan krama contone

Berikut ini adalah pertanyaan dari vienettFSAa pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Gawea pacelathon (dialog) sing nggunakake basa ngoko lan krama contone pacelathon anak marang wong tuwane, anak nggunakake basa krama menawa wong tuwa nggunakake basa ngoko marang anake. topik sing dibahas ana ing pacelathon yaiku kepriye pendapat wong tuwamu kaitane pembelajaran sing tesih daring ing wektusakiki kui.


Jangan copas google + jgn jawab ngasal!!!!!!!!!!!!!!!!!!!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ibu: “Din, apa kowe wis sinau gawe ulangan sesuk?”

Dinda: “Sampun bu. Mbenjing ulanganipun wancinipun basa jawi”.

Ibu: “O ya, sinau sing temenan ya nduk”.

Dinda: “Nggih bu, niki kula nggih radi mboten paham, amargi daring. Dados materinipun mboten maksimal kula pahami sedaya”.

Ibu: “Iya, ibu weruh. Ya pancen ngono kuwi kok. Usume isih corona, sekolah isih durung oleh mlebu, dadi bisane ya mung daring kuwi”.

Dinda: “Nggih bu, sejatosipun, kula mboten remen sinau daring, tapi nggih pripun malih”.

Ibu: “Ya wis, muga-muga corona ndang cepet ilang, dadi bisa sekolah kaya biyasane maneh”.

Dinda: “Nggih bu, aamiin”.

Pembahasan

Pacelathon yaiku rembugan antara wong loro utawa luwih. Pacelathon bisa ditindakake dening sapa bae. Pacelathon nggunakake unggah-ungguhing basa miturut sapa sing diajak guneman.

Basa ngoko lugu:

  • Simbah marang putu.
  • Wong tuwa marang wong enom/anak.
  • Marang kanca sapantaran kang wis raket.
  • lsp.

Basa ngoko alus:

  • Sadulur enom marang sadulur tuwa.
  • Wong sapantaran kang diajeni.
  • Ibu marang bapak kang wis kulina ngoko.
  • lsp.

Basa krama lugu:

  • Wong sapantaran kang durung raket.
  • Wong kang durung tau kenal.
  • lsp.

Basa krama alus:

  • Wong enom marang wong tuwa.
  • Marang wong sing dhuwur drajate.
  • lsp.

Detail Jawaban

Kelas: Ⅱ SD

Mata Pelajaran: B. Daerah

Materi: Teks pacelathon lan unggah-ungguhing basa

Kode: 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 18 Aug 21