Tema *GEGURITAN*3. Ndamel gancaranipun/parafrase/ nyariosaken malih kaitan geguritan ing ngandhap

Berikut ini adalah pertanyaan dari bimo2386 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tema *GEGURITAN*3. Ndamel gancaranipun/parafrase/ nyariosaken malih kaitan geguritan ing ngandhap menika

PRAHARA
Ora kanyana kowe teka
Tanpa ngabari tanpa kandha
Awakmu ora memba-memba
Ananging tansah gawe rekasa
Kang bisa gawe gegere donya
Manungsa padha wedi lan gela
Amarta kowe kabeh dadi lara
Lara kang abot disangga
Muga lelakon iki gur pacoban
Ooooo Corona.....
Nyadhong donga kunjuk Gusti
Mugia prahara donya iki mung sedela
Aamiin​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran/Parafrase :

➡️ Corona, ora ngira kowe teka, tanpa ngabari lan tanpa kandha. Awakmu ora ana sing madhani, ananging tansah gawe rekasa, bisa gawe gegere donya, nganti gawe manungsa padha wedi lan gela. Amarga virus sing koksebarke kabeh dadi lara, lara sing angel tambane. Muga-muga kahanan iki gur pacoban, kabeh wae padha njaluk donga marang Gusti supaya prahara donya iki mung sedhela lan normal maneh. Aamiin.

Penjelasan

» Nggancarake geguritan yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

>> Cara nggancarake geguritan :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

>> Kang kudu digatekake menawa arep nggancarake geguritan :

1. Nyuda/nambahi tembang supaya luwih gampang dimangreteni.

2. Ukara kang nganggo basa kawi utawa jawa kuna kudu dijarwakake.

3. Tembung sandi utawa tembung garba kudu diudhari.

4. Ukara kang kaiket nganggo paugeran baliswara kudu diudhari.

5. Ngilangi/nambahi ater-ater, seselan, lan panambang.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 5 - Macapat

Kata Kunci : Nggancarake geguritan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 13 Jul 21