Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang

Berikut ini adalah pertanyaan dari dinan5984 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.

“ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”
1. Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Tembung Sang Hyang Diwangkara padha tegese karo .... *
2 poin
A. wulan
B. langit
C. gunung
D. srengenge
2. Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Tembung disingidake tegese..... *
2 poin
A. dipenjara
B. dipingit
C. disiksa
D. diumpetake
3. Pratelan ing ngisor iki sing ora trep karo isine pethikan teks carita ing ndhuwur yaiku .... *
2 poin
A. Niken Trijatha iku putrane Gunawan Wibisana.
B. Niken Trijatha iku keponakane Prabu Dasamuka.
C. Niken Trijatha iku garwane Prabu Dasamuka.
D. Niken Trijatha tansah nglelipur penggalihe Dewi Sinta
4. Manut pethikan teks carita ing ndhuwur, Dewi Sinta iku wanita sing watake .... *
2 poin
A. Setya marang garwane sing asmane Ramawijaya.
B. Senenge nangis lan ora gelem nyambut gawe.
C. Kemayu lan seneng marang bandha dunya.
D. Aleman lan senenge wadul marang Niken Trijatha.
5. Piweling sing bisa kajupuk saka paraga Dewi Sinta lan Niken Trijatha ing pethikan wacan dhuwur yaiku .... *
2 poin
A. Yen weruh wong sing lagi susah, kudu gelem nglelipur.
B. Seneng menawa weruh wong nandang susah.
C. Ora susah gelem ngurusi rekasane wong liya.
D. Urip ing alam dunya iku kudu kanggo seneng-seneng​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1.C

2.D

3.C

4.A

5.A

wes rampung:)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh relandhita dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 23 Jul 21