Wacanen waosan "Kebun Binatang Suroboyo" banjur Kowe crita menyang kancamu

Berikut ini adalah pertanyaan dari hwangjae pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Wacanen waosan "Kebun Binatang Suroboyo" banjur Kowe crita menyang kancamu kanthi basamu dhewe!Kebun binatang suroboyo utawa disingkat Bonbin yaiku sawijining obyek wisata ing kutha Suroboyo sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Kebun binatang Suroboyo dumunung ing wilayah kecamatan Wonokromo, ana ing dalan Diponegoro. Lokasine cedhak karo stanplat Joyoboyo, panggonane jembar banget, lan akeh kewan maneka warna jinise kang ana ing kebun kuwi. Ngarepe ana tetenger arupa patung iwak suro lan boyo. Kebun Binatang Suroboyo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake ikon wisata dening Pamarentah kutha Suroboyo.
Kebun Binatang Suroboyo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe ingon-ingon kewan sing lengkap kang ora tinemu ing panggonan liyane. Kebun Binatang Suroboyo kinupengan dalan sing rame, jalari kabeh wisatawan ora bingung anggone nggoleki papan wisata. Saben dina Sabtu, minggu lan dina prei liyane, panggonan iki mesthi kebak karo pengunjung. Sisih lor winates dening dalan Setail, sisih wetan winates dening dalan Diponegoro, sisih kidul winates dening dalan Bumiharjo, sisih kulon winates dening dalan Ciliwung.
Obyek Kebun Binatang Suroboyo klebu wewengkon Kebun Binatang Nasional, tumuju menyang Kebun Binatang Suroboyo sing paling penak kawiwitan saka terminal Bungurasih, numpak bis kota tujuan terminal Joyoboyo. Tekan terminal mlaku sethithik wis tekan obyek wisata kasebut. Karcis kanggo mlebu lokasi bisa dituku lewat loket. Ana ing plataran loket akeh wong dodolan kacang godog kang bisa dituku kanggo makani kethek. Saliyane kuwi uga ana jajanan liyane, utawa dedolanan kanggo bocah cilik kanthi rega sing pantes.

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

*JAWABAN*

kebun binatang surabaya utowo disingkat bonbin yaiku sawijining obyek wisata ing kutha Suroboyo sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara.

panggonane ing wilayah kecamatan Wonokromo, ana ing jalan Diponegoro. Panggone jembar banget, lan akeh kewan maneka warna jinise kang ana ing kebun binatang kuwi.

Lan ono tetenger arupa patung iwak suro lan boyo

Kebun Binatang Suroboyo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake ikon wisata dening Pamarentah kutha Suroboyo.

kang tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe ingon" kewan seng lengkap.

kebun binatang suroboyo saben dino ketok rame

Kebun Binatang Suroboyo klebu wewengkon Kebun Binatang Nasional, tumuju menyang Kebun Binatang Suroboyo sing paling penak kawiwitan saka terminal Bungurasih, numpak bis kota tujuan terminal Joyoboyo.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh vieviecka70 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 02 Dec 21