Bahasa JawaKelas 7Tembang Sinom Pada 2Ingsun uga tan mangkonobalilu kang

Berikut ini adalah pertanyaan dari unknown pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Bahasa JawaKelas 7

Tembang Sinom Pada 2

Ingsun uga tan mangkono
balilu kang sun alingi
kabisan sun dokok ngarsa
isin menek den arani
balilune angluwihi
nanging tenanipun cubluk
suprandene jroning tyas
lumaku ingaran wasis
tanpa ngrasa prandene sugih
carita.

Parafrase utawa isine tembang sinom pada 2 yoiku...

Tolong bantu kak,jawabnya pakai bahasa Jawa,jangan bahasa indo.
ngasal?auto report​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran/Parafrase :

➡️ Aku uga durung bisa nduweni watak kaya ngono. Bodhoku dak tutupi, dene kapinteranku dak deleh ngarep. Aku isin yen diarani bodho karo wong liya. Nanging ing batinku asline ya bodho. Senajan ing njero ati tumindake pengen diarani pinter, nanging ora ngrasa yen awakedhewe kakehan omong.

>> Isi :

➡️ Ngandharake watake wong sing bodho lan kakehan omong, nanging pengen diarani pinter karo wong liya supaya ora isin.

Penjelasan

  • SINOM PADA 2

Ingsun uga tan mangkana,

balilu kang sun alingi,

kabisan sun dekek ngarsa,

isin menek den arani,

balilu ing sujanmi,

nanging batin ingsun cubluk,

parandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

tanpa ngrasa prandene sugih carita.

  • Tegese :

Aku uga ora kaya ngono,

Bodho sing tak tutupi,

kemampuan/kepinteran tak deleh ngarep,

Isin yen diarani,

Bodhone ngluwihi,

Nanging sak tenane ya bodho,

Senajan ing njero ati,

Tumindake pengen diarani pinter,

Tanpa ngrasa senajan akeh omonge.

  • Piwulang luhur :

» Dadi wong kuwi apa anane wae. Senajan bodho kudu tetep ngakoni, nanging kudu gelem usaha supaya dadi manungsa kang nduweni tumindak becik tanpa kakean omong.

Paugeran Sinom :

  1. Guru gatra : 9 gatra
  2. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
  3. Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

» Nggancarake tembang yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

  • Carane nggancarake tembang bisa kanthi nambahi tembung panggandheng, tembung katrangan, lan tembung liyane utawa ngurangi tembung sing ora perlu supaya isine tembang kasebut tambah jelas.

- Carane nggancarake tembang :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Serat Wulangreh

Kata Kunci : Gancaran Pupuh sinom

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 13 Jul 21