JENENGKU GATOT KACA Aku mung bisa nangis kekejer lan mancal –

Berikut ini adalah pertanyaan dari officialfarhan027 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

JENENGKU GATOT KACAAku mung bisa nangis kekejer lan mancal – mancal. Bapak ku Werkudara lan ibu Dewi Arimbi kaya lagi
kerubuhan gunung. Mengkono uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa,
Paman Arjuna, paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, Si
Gareng, Petruk, lan Bagong sing biasane cengar – cengir uga melu sedhih.
Weruh Ibu Arimbi nangis , aku melu nangis maneh, tambah banter. Ari – ariku isih gandheng karo
awakku. Bapak ku Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang wijaya kusuma
kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata
Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik – mletik, ning pancet ari – ariku ora bisa
pedhot.
Bebarengan karo Bathara Kresna kabeh padha muji donga, padha prihatin supaya enggal nemu
pepadhang. Akhire rawuh buyutku, Begawan Abiyasa. Panjenengane banjur ngutus paman Arjuna
nyuwun pitulungan pusaka marang dewa. Baline ngasta sarunge pusaka Kuntawijaya.
“ Arjuna, golek pusaka kok mung oleh sarunge iki kepriye ta yayi?” pitakon Prabu Kresna.
“ Nun inggih, Kaka Prabu. Senjata Kutawijaya klentu dipunparengaken Adipati Karna ing Awangga.
Kula namung saget ngrebat warangkanipun menika,”
Dumadakan ana sing teka. Pawakane lemu bunder. Anehe bisa mabur. Tekane mau saka langit.
“ Prekincong... Prekincong waru dhoyong ditegor uwong...lere...lere...kali codhe sapa sing nduwe..
Ingsun sing prapta Wekudara. Anak mu si Tetuka bakal dakgawa, disraya para dewa.”
Aku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka, digodhog bareng karo gamane para dewa.
Aku nangis nanging arep kepriye maneh.
Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudhu njaga kautaman lan
tumindhak becik.
GLADEN!
TULISEN MANUT TEKS ING NDUWUR IKU :
1. ORIENTASI
2. KOMPLIKASI
3. KLIMAKS
4. RESOLUSI
5. KODA/ AMANAT

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1 orientasi

maaf kalau salah aku cuman mau bantu aja

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh asrianisry7gmailcom dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 06 Aug 21