bapak pucung wujud mlungker kaya kalung tangan papanira nuduhake rina

Berikut ini adalah pertanyaan dari srirahayu772603 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

bapak pucung wujud mlungker kaya kalung tangan papanira nuduhake rina wengi lamun ati bingung wektu sang bandara badhekane yaiku.....​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung tangan papanira nuduhake rina wengi lamun ati bingung wektu sang bandara

➡️ badhekane yaiku.....jam tangan.....

Pendahuluan :

Ukara ing dhuwur kalebu tembung Cangkriman.

Cangkriman

Tembung Cangkriman yaiku unen-unen utawa tembung sing kudu dibedhek maksude utawa dibatang amarga awujud teka teki utawa bedhekan.

Cangkriman jinise ana 4 :

1. Cangkriman wancahan, yaiku Cangkriman wujud wancahan utawa cekakan utawa singkatan

2. Cangkriman Blenderan, yaiku Cangkriman wujud plesetan utawa pitakon sing gunane kanggo ngecoh lawane.

3. Cangkriman pepindhan, yaiku Cangkriman sing ngemu ateges irib iriban.

4. Cangkriman tembang, yaiku Cangkriman kang mapan utawa kang sinawung ing tembang.

Pembahasan :

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung tangan papanira nuduhake rina wengi lamun ati bingung wektu sang bandara.

➡️ bedhekane yaiku.....jam tangan....

➡️ kalebu Cangkriman tembang.

★ tuladha liyane :

  • bapak pocung renteng renteng kaya kayu kalung dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring sing disaba si pocung mung turut kutha.

➡️ bedhekane = sepur

  • bapak pocung dudu watu dudu gunung, Sangkamu ing sebrang , Ngon ingone sang bupati, bapak pocung Yen lumampah sing pocung lembehane Grana.

➡️ bedhekane = gajah

  • lsp.

Detail Jawaban :

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : -
  • Materi : Cangkriman
  • Kode kategorisasi : -

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 09 Jul 21