tuladhane Pariwara persuasif yaiku​

Berikut ini adalah pertanyaan dari achmadraffi230 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tuladhane Pariwara persuasif yaiku​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

judul: Ayo Nganggo Tas Plastik Ramah Lingkungan

Limbah kanthong plastik dadi salah sawijining sebab kang njalari polusi. Menawa awakedhewe nyambut gawe bareng-bareng lan miwiti nganggo tas plastik ramah lingkungan iku bakal mbiyantu nylametake saperangan lingkungan. Yagene kok awakedhewe kudu ngganti kanthong plastik karo tas plastik ramah lingkungan?

Ora mung nganggu pemandhangan, sampah kanthong plastik uga ora becik disawang. Sampah kanthong plastik kang sansaya numpuk bisa njalari lingkungan reged, awur-awuran lan wong-wong padha ora aman. Meh sakabehing wong sing nganggo kanthong plastik, mbuwang kanthi srampangan. Akibate, bumi iki sansaya akeh polusi jalaran sampah plastik.

Sabanjure, menawa sampah kanthong plastik dibuwang menyang segara bisa mbebayani kewan-kewan kang urip ana ing segara kaya ta iwak lan kura-kura.

Menawa awakedhewe ora gelem keganggu, mulane kudu miwiti saka saiki anggone nylametake lingkungan kanthi nganggo barang-barang kang ramah lingkungan. Menawa kura-kura nguntal sampah kanthong plastik kang dibuwang ing segara banjur bisa mati amarga lemes utawa kena kontaminasi.

Apa sing sampeyan rasakne menawa iku kedadeyan marang sampeyan jalaran wong-wong males sing mbuwang sampah plastik sembarangan?

Ya iki sebabe, yagene kok awakedhewe kudu nganggo tas plastik ramah lingkungan kang dadi gantine kantong plastik.

Kajaba iku, kantong plastik mbutuhake wektu kang suwe supaya bisa diurai lemah. Dadi, sampeyan bisa mbayangne dhewe, kepiye dadine menawa sampeyan males nglakoni perkara kang bener kaya ta mbuwang sampah plastik ing panggonan kang samesthine?

Iki mung bisa dilakoni kanthi nganggo tas plastik ramah lingkungan kanggo ngganti kantong plastik. Wiwit saiki, ayo nganggo tas plastik ramah lingkungan.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh hanyasatuhuruf dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 07 Jun 21