Ban jur nggawea ukara nganggo tembung entar ing ngisor ikil1.

Berikut ini adalah pertanyaan dari Isdayanti6854 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ban jur nggawea ukara nganggo tembung entar ing ngisor ikil1. cekak budine
2. entheng tangane
3. dawa ususe
4. kepancal sepur =
11
5. lunyu ilate​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Nggawe ukara.

1. Awit cilik Banu iku bocah sing cekak budine, mula aja njarag bocahe.

2. Ibu cocok karo mbak Mira, merga wonge entheng tangane tur sabar.

3. Dadi wong iku sing dawa ususe, urip iku mung sakdrema nglakoni.

4. Mas Dimas ora sido melu piknik merga kepancal sepur, akibat tangine kawanen.

5. Aja percaya karo wong kae amarga wonge lunyu ilate, ngomonge molah maleh.

__________________

Pembahasan

Ukara ukara ing dhuwur kalebu tembung Entar.

Tembung entar yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji lan duwe ateges kiasan, Tembung entar uga diarani kalimat konotasi (basa Indonesia).

Tuladha :

  • dawa tangane tegese seneng njupuk barange liyan.
  • dadi gawe tegese grepotake.
  • jembar segarane tegese sugih pangapura.
  • Iambe tipis tegese criwis.
  • udan tangis tegese akeh sing padha nangis.
  • lsp

Negesi Tembung ing ukara kasebut.

1. Awit cilik Banu iku bocah sing cekak budine, mula aja njarag bocahe.

➡️ cekak budine tegese gampang nesu.

2. Ibu cocok karo mbak Mira, merga wonge entheng tangane tur sabar.

➡️ entheng tangane tegese seneng tandhang gawe.

3. Dadi wong iku sing dawa ususe, urip iku mung sakdrema nglakoni.

➡️ dawa ususe tegese sabar.

4. Mas Dimas ora sido melu piknik merga kepancal sepur, akibat tangine kawanen.

➡️ kepancal sepur tegese ketinggalan utawa keri.

5. Aja percaya karo wong kae amarga wonge lunyu ilate, ngomonge molah maleh.

➡️ lunyu ilate tegese mencla mencle.

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 6
  • Materi : Tembung entar
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 18 Jan 22