artikna meng basa jawa krama1. membaca2. nanti3. kalau4. apa​

Berikut ini adalah pertanyaan dari sukiapurbaningsih882 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Artikna meng basa jawa krama
1. membaca
2. nanti
3. kalau
4. apa

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Basa Krama :

  1. Maos
  2. Mangke
  3. Menawi
  4. Punapa/Menapa

Penjelasan

>> Tuladha ukara :

  1. Bapak maos koran wonten teras.
  2. Ibu maos berita saking kalawarti.
  3. Mangke dalu panjenengan sios mriki, ta?
  4. Menawi kula gadhah arta, badhe kula tumbasaken sepatu sekolah.
  5. Punapa Dek Roni taksih nyambut damel ing swasta?
  6. Menapa kala wingi panjenengan tindak dhateng peken?

=> Basa Krama kaperang dadi 2, yaiku :

☞ {Krama alus}

→ basa kang wujude kabeh tembunge migunakake basa krama lan krama inggil.

Titikan/Ciri-ciri Krama Alus :

- Tembung-tembunge krama kecampur Krama Inggil.

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung aku owah dadi kula.

- Tembung kowe owah dadi panjenengan.

- Kang dikramakake inggil perangan awak, sandhangan lan kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing di gunem.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

☞ {Krama Lugu}

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

Titikan/Ciri-ciri Krama Lugu :

- Tembung-tembunge krama ora kecampur Krama Inggil

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung aku owah dadi kula.

- Tembung kowe owah dadi sampeyan.

Tuladha :

1. Sampeyan sampun nedha kalih napa?

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama membaca, nanti, kalau, apa

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 04 Aug 21