Gatekba tembang dhandhangggula ing ngisor iki! Werdiningkang wasita jinarwi, wruhing

Berikut ini adalah pertanyaan dari Dayahmei979 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Gatekba tembang dhandhangggula ing ngisor iki! Werdiningkang wasita jinarwi, wruhing kukum iku watekira, adoh marang kanisthane, pamicara puniku, weh reseping sagung miyarsi, tata krama punika, ngedohken panyendhu, kagunan iku kinarya, ngupa boga dene kelakuwan becik, weh rahayune angga. 1.Isi kang kinandhut jroning tembang ing nduwur yaiku : 2. Pesen Moral kang kindandhut jroning tembang yaiku : Butuh respon cepet kakak..

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Isi ne :

➡️ Ngandharake pitutur kang wis ditegesi babagan tata cara, tata krama, kapinteran kanggo wong urip supaya menehi keslametan dhiri lan diadohake saka cilaka.

2. Pesen moral :

➡️ Padha nindakna pitutur kang wis ditegesi iki, yaiku ngerteni hukum supaya adoh saka kanisthaan, nguwasani tata wicara supaya wong liya seneng ngrungokake, ngerteni tata krama supaya ora cilaka, lan nduweni kapinteran kanggo golek pangan.

Penjelasan

Werdining kang wasita jinarwi,

wruh ing kukum iku watêkira,

adoh marang kanisthane.

Pamicara puniku,

wèh rêsêpe ingkang miyarsi.

Tata krama punika,

ngadohkên panyêndhu.

Kagunan iku kinarya,

ngupaboga dene kalakuan bêcik,

wèh rahayuning raga.

  • Tegese :

Maknane pitutur iku diartikne,

Weruh ing hukum watake,

adoh saka kanisthaan (kaelekan),

nguwasani tata cara kuwi,

menehi rasa seneng marang sing ngrungokne,

ngerteni tata krama kuwi,

bisa ngadohake saka cilaka,

kapinteran iku gunane,

golek pangan kanthi tumindak becik,

menehi keslametan dhiri.

  • Kalebu tembang Dhandhanggula.

>> Paugeran Dhandhanggula :

  1. Guru gatra : 10 gatra.
  2. Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
  3. Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Pesan moral, isi werdining kang wasita jirnawi

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 05 Aug 21