4. ukara kang nduweni karep ndelengmarang adat lan aturan paugeranyaiku

Berikut ini adalah pertanyaan dari dilafaiza2917 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

4. ukara kang nduweni karep ndelengmarang adat lan aturan paugeran
yaiku ...
a. lelabuhan kanggo wong ngaurip
b. den kaesti siyang ratri
c. adat waton puniku dipun kadulu
d. miwah ingkang tata krama​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Ukara kang nduweni karep ndeleng marang adat lan aturan paugeran yaiku ...

➡️ C. Adat waton puniku dipun kadulu.

Penjelasan

Sekar pangkur kang winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ta ing tata karma

den kaesthi siyang ratri.

  • Tegese :

Tembang pangkur kang dicritakake

Jasane kang kanggo wong urip

ala lan becik kuwi

Becike ngertenana

Tata cara lan aturan iku diweruhi/dideleng

Lan uga ing tata krama

dieling-eling awan wengi.

» Tegese tembung angel :

  1. Sekar : tembang
  2. Winarna : dicritakake, wujude
  3. Lelabuhan : jasa, kabecikan, pengabdian
  4. Prayoga : luwih becik
  5. Kawruhana : ngertenana
  6. Adat : tata cara kang lumrah
  7. Waton : pathokan, paugeran, aturan
  8. Kadulu : dideleng, diweruhi
  9. Miwah : lan, tur, maneh, karo
  10. Den kaesthi : diudi, disinau, dieling-eling
  11. Siyang ratri : awan wengi

>> Sasmita : Pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur.

>> Falsafah : Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

>> Paugeran tembang ing dhuwur (Pangkur) :

  1. Guru gatra : 7 gatra.
  2. Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
  3. Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Adat, Paugeran, dideleng

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 22 Aug 21