Diketok mala duwur Sego sakepel dirubung tinggi cangkriman bedekan ing duwur

Berikut ini adalah pertanyaan dari nizaralfiansyah234 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Diketok mala duwurSego sakepel dirubung tinggi cangkriman bedekan ing duwur susunen dadi pacelaton

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gawe pacelathon adhedhasar cangkriman :

  1. Paijo : "Dim, ayo bedhek-bedhekan!"
  2. Dimas : "Ayo, karo ngapalne cangkriman ya...dhawuhe Bu Guru minggu ngarep ulangan bab cangkriman."
  3. Paijo : "Aku dhisik ya.."
  4. Dimas : "Iya wis."
  5. Paijo : "Dikethok malah dhuwur, apa hayo?"
  6. Dimas : "Hmm apa ya, lali aku. Apa bener bedhekane clana?"
  7. Paijo : "Jare lali, nanging kok wangsulanmu bener?"
  8. Dimas : "Iya lali, nanging nyubo ngeling-eling dhisik."
  9. Paijo : "Ya wis, saiki gantian kowe sing mbedheki."
  10. Dimas : "Oke, sega sakepel dirubung tinggi. Apa bedhekane?"
  11. Paijo : "Wahh, lagi wae aku sinau cangkriman kuwi. Mesthi bedhekane salak, iya ta?"
  12. Dimas : "Iya Jo, bener. Pinter men kowe."
  13. Paijo : "Alhamdulillah, saiki wis lumayan bisa babagan cangkriman."
  14. Dimas : "Iya, Alhamdulillah. Ya wis ayo leren dhisik wis wayahe sembahyang."
  15. Paijo : "Ayo dim!".

Penjelasan

Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia. Pacelathon tegese rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawijining bab.

  • Titikan/Ciri-ciri teks pacelathon :

1) katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)

2) nggunakake ukara kandha

3) isine pangajak lan panerang

4) cacahing paraga loro utawa luwih

5) nggunakake ukara cekak aos

6) perangan ing sisih kiwa isine jeneng/wong kang lagi omongan

7) perangan ing sisih tengen isine omongane sing diandharake

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Gawe pacelathon babagan cangkriman

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21