Sun gegurit : Kaanan djaman saiki Sipat pemuda pemudi Srawungane

Berikut ini adalah pertanyaan dari idaokta818 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Sun gegurit :Kaanan djaman saiki
Sipat pemuda pemudi
Srawungane saja ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadiduk djaman Nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Geguritan ing dhuwur iki kalebu geguritan jenis...
a. Gagrag anyar
b. Gagrag modern
c. Gagrag lawas
d. Gagrag tengahan

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Geguritan ing dhuwur iki kalebu geguritan jenis...

➡️ C. Gagrag lawas.

Penjelasan

{Geguritan}

Geguritan yaiku jenise puisi Jawa gagrag anyar sing panulise ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat (yaiku anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu), nanging tetep ngugemi kaendahan.

» Struktur geguritan :

1. Tanpa kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

2. Cakrike bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita.

  • Titikan/Ciri-ciri geguritan gagrag lawas :

» Geguritan gagrag lawas iku sifate ora bebas, amarga kawengku paugeran tartamtu kayata :

1. Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat.

2. Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe.

3. Tibaning swara (guru lagu) kudu runtut.

4. Sangarepe guritan diwiwiti tembung “Sun Gegurit”, utawa “Sun Angurit”.

  • Titikan/Ciri-ciri geguritan gagrag anyar :

1. Ora kawengku ing pathokan/aturan.

2. Ora migunakake basa padinan.

3. Migunakake tembung-tembung kang pinilih.

4. Cacahe larikan ora katemtokake.

5. Isine mentes.

6. Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Geguritan

Kata Kunci : Geguritan gagrag lawas

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 05 Aug 21