1.Kabisan sun dokok ngarsa,tegese.....A.Pinterku sing tak tutupiB.Kendelku sing tuduhakeC.Pinterku sing

Berikut ini adalah pertanyaan dari MaurenAnanda pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1.Kabisan sun dokok ngarsa,tegese.....A.Pinterku sing tak tutupi
B.Kendelku sing tuduhake
C.Pinterku sing tak ketok-ketokke
D.Kabisanku sing umpetake

2.Parandene jroning tyas,tegese.....
A.Suprandene jroning pikir
B.Suprandene jroning ati
C.Suprandene jroning batin
D.Suprandene ing pangucap

3.Bu guru.....menawi minggu ngajeng ulangan.
A.Sanjang
B.Criyos
C.Matur
D.Ngendika

4.Bu Ani kawratan anggenipun.....buku tugasipun para siswa.
A.Mbekta
B.Nggawa
C.Ngasta
D.Mendhet

5.Pak dhe boten.....amargi sariranipun kirang sekeca.....
A.Purun nedha
B.Purun,dhahar
C.Kersa,nedha
D.Kersa dhahar​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Kabisan sun dokok ngarsa, tegese.....

➡️ C. Pinterku sing tak ketok-ketokke.

2. Parandene jroning tyas, tegese.....

➡️ B. Suprandene jroning ati.

3. Bu guru.....menawi minggu ngajeng ulangan.

➡️ D. Ngendika.

  • Sing trep yaiku ngendika, amarga Bu guru 'ngendika' menyang 'murid-murid', yen 'matur' iku seumpama Bu guru menyang wong sing padha-padha luwih tuwa/ngajeni.

4. Bu Ani kawratan anggenipun.....buku tugasipun para siswa.

➡️ C. Ngasta.

  • Sing trep ngasta, amarga kanggo ngramakake wong sing luwih tuwa (Bu Ani)

5. Pak dhe boten.....amargi sariranipun kirang sekeca.....

➡️ D. Kersa, dhahar.

  • Gelem = kersa (Krama Inggil)
  • Mangan = dhahar (Krama Inggil)
  • Karo ngajeni Pakdhe, mula kudu nganggo basa Krama inggil.

Penjelasan

Ingsun uga tan mangkana,

balilu kang sun alingi,

kabisan sun dekek ngarsa,

isin menek den arani,

balilu ing sujanmi,

nanging batin ingsun cubluk,

parandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

tanpa ngrasa prandene sugih carita.

  • Tegese :

Aku uga ora kaya ngono,

Bodho sing dak tutupi,

kemampuan/kepinteran tak deleh ngarep,

Isin yen diarani,

Bodhone ngluwihi,

Nanging sak tenane ya bodho,

Senajan ing njero ati,

Tumindake pengen diarani pinter,

Tanpa ngrasa akeh omonge.

» Paugeran Sinom :

  • Guru gatra : 9 gatra
  • Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
  • Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Kabisan sun dokok ngarsa, basa krama, suprandene jroning tyas, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 31 Jul 21