perangan layang sing isine nerangake prenahe wong sing ngirim lan

Berikut ini adalah pertanyaan dari odinda243 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

perangan layang sing isine nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra lsp yaiku .... *​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Perangan layang sing isine nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra lsp yaiku...

➡️ Peprenah.

Penjelasan

{Perangan Layang}

1. Papan lan titi mangsa

  • Isine : Jeneng kutha lan tanggal nulise surat. Sarampunge jeneng kutha kudu diwenehi tandha koma lan tanpa dipungkasi tanda titik.

2. Adangiyah

  • Isine : nerangake unggah-ungguhe sing kirim layang marang sing dikirimi.

a) Marang sedulur tuwa, kanca sapadha-padha nganggo unen-unen : salam taklimku, ingkang taklim.

b) Marang sedulur enom nganggo unen-unen : salam taklim.

c) Marang sedulur enom kang perlu diajeni nganggo unen-unen : ingkang salam.

d) Marang wong tuwane dhewe nganggo unen-unen : ingkang sembah pangabekti.

e) Marang anak putu, nganggo unen-unen : pandongaku.

f) Tembung liyane saka kang kasebut ing dhuwur : pamuji, karengga sagung pakurmatan, karengga sagung ing pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan pudyaarja lan sapanunggalane.

3. Pa-mbuka

  • Isine : menehi kabar keslametan lan nakokake kabar keslametan marang sing dikirimi layang.

4. Surasa basa/ isine layang

  • Isine : nerangake apa wae sing perlu dikabarake.

5. Wasana basa/panutup layang

  • Isine : panjaluk utawa panjurung kang ana gandheng cenenge karo isine layang.

6. Peprenah

  • Isine : nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra lan sapanunggalane. ✔️

7. Tapak asma

8. Jeneng terang

  • Isine : jenenge sing nulis layang,kudu ditulis jangkep.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 5 - Perangan Layang

Kata Kunci : Peprenah

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 22 Aug 21