Tembung lingga bumi yen dadu tembung andhahan diwuwuhi ater ater

Berikut ini adalah pertanyaan dari NaiaAzzahra600 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tembung lingga bumi yen dadu tembung andhahan diwuwuhi ater ater a. pribumi,pri+bumib. mbumi,m+bumi
c.sabumi,sa +bumi
d.prabumi,pra+bumi

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Tembung lingga bumi yen dadu tembung andhahan diwuwuhi ater ater ....

➡️ A. Pribumi, pri + bumi.

Penjelasan

  • Tembung Andhahan

Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag.

Ater-ater

→ yaiku wuwuhan kang manggon ing sangarepe tembung.

1. Ater-ater anuswara (n, m, ny, ng). Ater-ater iki gunane ngubah tembung lingga dadi tembung kriya.

» Tuladhane :

  1. ny + sapu → nyapu
  2. n + tulis → nulis
  3. ng + langi → nglangi
  4. m + pacul → macul

2. Ater-ater tripurusa (dak, ko/kok, di). Ater-ater tripurusa gunane kanggo tembung sesulih aku (dak) kowe (ko) lan dheweke (di).

» Tuladhane :

  1. dak+tulis → daktulis
  2. kok+pangan → kokpangan
  3. di+pancing → dipancing

3. Ater-ater liyane kayata sa, pa, pi, ka, pri, pra, kuma, kami, a, ma, lan sapanunggalane.

» Tuladhane :

  1. satus → sa + atus
  2. panulis → pa + nulis
  3. pituduh → pi + tuduh
  4. kapidek → ka + pidek
  5. kumawani → kuma + wani
  6. kamitenggeng → kami + tenggeng
  7. manepi → ma + nepi
  8. pribumi → pri + bumi
  9. pratandha → pra + tandha
  10. pralambang → pra + lambang

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 - Wuwuhan

Kata Kunci : Ater-ater, pribumi

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 24 Aug 21