contoh pachelaton wong tuwa karo anak bantuin jawab euy​

Berikut ini adalah pertanyaan dari raihanfaris pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Contoh pachelaton wong tuwa karo anak
bantuin jawab euy​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Tuladha 1 (Tema : Hemat Energi) :

  1. Pak Waluyo : “Gus, apa awakmu ora repot?.”
  2. Bagus : “Mboten Pak, wonten dhawuh ”
  3. Pak Waluyo : ”Mengko sore, nyuwun dhuwit ibumu ya.”
  4. Bagus : “Kangge napa pak !.”
  5. Pak Waluyo : Kanggo tuku lampu, amarga lampu pawon karo pasinaon pedhot.
  6. Bagus : “Bu, dalem dipun utus bapak nyuwun arta .”
  7. Ibu : “Kanggo apa,Gus?”
  8. Bagus : “Ngendikanipun bapak lampunipun pedhot.”
  9. Ibu : “ Ya bener Gus, tumbasa sing LED ya !”
  10. Bagus : “Kenging napa kedah LED bu ?”
  11. Ibu : “ Amarga sak liyane padhang, uga bisa ngirit setrum, supaya ora bola- bali tuku lampu.”
  12. Bagus : “Oo mekaten. dados kita saget hemat energi nggih bu ?”
  13. Ibu : “Ya, saiki mangkata tuku supaya ora kewengen. Mengko dipasang pisan ya !”
  14. Bagus : “Inggih Bu...”

>> Tuladha 2 (Tema : Lingkungan) :

  1. Ibu : "Ndhuk, apa kowe wis ngresiki kamarmu dina iki?"
  2. Rani : "Mboten, dereng, Bu."
  3. Ibu : "Kapan kowe arep ngresiki kamarmu, Ndhuk?"
  4. Rani : "Mangke siyang, Bu. Sasampunipun dhahar."
  5. Ibu : "Lha ibu ndhawuhi kowe supaya ngresiki kamar dhisik, ta?"
  6. Rani : "Inggih, bu. Kula enggal ngresekaken kamar kula."
  7. Ibu : "Nah, lak yo ngono. Yen kamarmu resik bakale kepenak disawang. Lingkungane dadi endah sumilir kena angin penak kanggo turu."
  8. Rani : "Nggih, Bu, ngapunten menawi kula sering mboten manut."
  9. Ibu : "Iya, Ndhuk. Wis saiki diresiki dhisik kamarmu, aja lali di sapu yen reget, terus di ikrak supaya ora dadi lingkungan penyakit."
  10. Rani : "Inggih, Bu. Menawi sampun bibar lajeng nindakaken punapa?"
  11. Ibu : "Yen wis rampung gek adus, Ndhuk. Sawise adus banjur maem."
  12. Rani : "Nggih Bu."

Penjelasan

Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia. Pacelathon tegese rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawijining bab.

  • Titikan/Ciri-ciri teks pacelathon :

1) katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)

2) nggunakake ukara kandha

3) isine pangajak lan panerang

4) cacahing paraga loro utawa luwih

5) nggunakake ukara cekak aos

6) perangan ing sisih kiwa isine jeneng/wong kang lagi omongan

7) perangan ing sisih tengen isine omongane sing diandharake

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Gawe pacelathon

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21