Lamun sira anggeguru kaki,amiliha manungsa kang nyata,ingkang becik martabate,sarta kang

Berikut ini adalah pertanyaan dari Niak778 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Lamun sira anggeguru kaki,amiliha manungsa kang nyata,ingkang becik martabate,sarta kang wruh ing hukum,kang ngibah lawan wirangi,sokur oleh wong tapa,ingkang wis amungkul,rah mikir pawewehing iyan,iku pantet sira guronana kaki,sartane kawruhana guru sing becik miturut tembang kasebut kajaba

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Guru sing becik miturut tembang kasebut. . .

➡️ Becike golek guru kang pinter, ngerti hukum lan ngerti babagan agama, seneng prihatin sarta kang ora mikir donya.

Penjelasan

Lamun sira anggeguru kaki,

amiliha manungsa kang nyata,

ingkang becik martabate.

sarta kang wruh ing ukum,

kang ngibadah lan kang ngirangi,

sokur oleh wong tapa,

Ingkang wus amungkul,

tan mikir pawewehing liyan,

iku pantes sira guronana kaki,

sartane kawruhana

  • Tegese :

Yen koe golek guru, nak,

miliha manungsa sing satenane,

sing becik martabate,

sarta sing weruh ilmu ukum,

sing ngibadah lan sing ngurangi (hawa nepsu),

syukur oleh wong tapa,

sing wis unggul,

ora mikir wenehane wong liya,

iku pantes mbok guroni, nak,

uga ngertenana.

  • Kalebu tembang Dhandhanggula.

>> Paugeran Dhandhanggula :

  1. Guru gatra : 10 gatra
  2. Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
  3. Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Lamun sira anggeguru kaki, golek guru

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21