Owahana dadi ngoko alus,ngoko lugu, krama lugu, krama alus1. ibu ndelok

Berikut ini adalah pertanyaan dari juinda1360 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Owahana dadi ngoko alus,ngoko lugu, krama lugu, krama alus1. ibu ndelok sinetron pangeran nganti jam 9 bengi

2. mbak ruli wis suwe ora tau mangan sate gule

3. pak lurah menehi pengumuman marang para warga supaya njaga kesehatan.

4. dek wingi bengi tanggaku digawe menyang rumah sakit merga lara types.

5. simbah adus esuk merga arep melu timbangan lansia.


Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

1. ibu ndelok sinetron pangeran nganti jam 9 bengi.

- Ngoko Alus = ibu mirsani sinetron pangeran nganthi jam sanga bengi.

- Krama lugu = ibu ningali sinetron pangeran ngantos jam sanga dalu.

- Krama Alus = ibu mirsani sinetron pangeran ngantos jam sanga dalu.

2. mbak ruli wis suwe ora tau mangan sate gule.

- Ngoko Alus = mbak Ruli wis suwe ora tau dhahar sate gule.

- Krama lugu = mbak Ruli mpun dangu mboten natos nedha sate gule.

- Krama Alus = mbak Ruli sampun dangu mboten dhahar sate gule.

3. pak lurah menehi pengumuman marang para warga supaya njaga kesehatan.

- Ngoko Alus = pak lurah maringi pengumuman marang para warga supaya njagi kesehatan.

- Krama lugu = pak lurah nyukani woro woro dening para warga supadhos njagi kesehatan.

- Krama Alus = pak lurah maringi Woro Woro dhateng para warga Supadhos njagi kesehatan.

4. dek wingi bengi tanggaku digawe menyang rumah sakit merga lara types.

- Ngoko Alus = dek wingi bengi tanggaku diasta menyang rumah sakit merga lara types.

- Krama lugu = wingi dalu tanggi Kula dibektho ten griya sakit amargi sakit types.

- Krama Alus = kalawingi dalu tanggi Kula dipun asta dhale griya sakit amargi gerah types.

5. simbah adus esuk merga arep melu timbangan lansia.

- Ngoko Alus : Simbah siram esuk merga nderek timbangan lansia.

- Krama lugu = Simbah siram enjing amargi tumut timbangan lansia.

- Krama Alus = Simbah siram enjing amargi nderek timbangan lansia.

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa yaiku aturan adat istiadat ing tlatah Jawa utawa babadan sopan santun, tata krama, tata susila, nanging nggunakake basa Jawa.

Unggah ungguh basa ana 2 :

1. Ngoko :

Ngoko lugu

Ngoko alus

2. Krama :

Krama lugu

Krama alus

⚫ Ngoko lugu

Basane ngoko, ora kecampuran tembung Krama.

→ panggonane :

padha kanca sadrajat

marang wong kang luwih enom

→ tuladhane :

Kowe arep menyang endi?

⚫ Ngoko alus

Basane ngoko, kecampuran Krama Inggil.

→ sing dikramakne :

wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih

panindake, umume arupa tembung kriya

kaduwekane, awujud tembung Aran

panggonane :

dulur enom marang dulur tuwa

kapernah tuwa nanging derajate luwih dhuwur

wong sadrajat kang padha ngajeni

ibu marang bapak sing kulina Ngoko

tuladhane :

Panjenengan arep tindak menyang endi?

⚫ Basa Krama lugu

Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.

→ panggonane :

wong sadrajat sing durung akrab

wong sing durung kenal

→ tuladhane :

sampeyan badhe kesah ten pundi?

⚫ Basa Krama Alus

Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.

→ panggonane :

wong enom marang wong tuwa

marang wong sing dhuwur drajate

tuladhane :

Panjenengan badhe tindak pundi?

Detail Jawaban

Mapel : Bahasa Daerah

Kelas : 7

Materi : Unggah ungguh basa

Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 22 Nov 21