Sun tuturi kabeh siswa-siswi,Lamun pengin wuwuh ngelmunira,Aywa mupus sinaune,Tansah macaa

Berikut ini adalah pertanyaan dari marceNau3286 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Sun tuturi kabeh siswa-siswi,Lamun pengin wuwuh ngelmunira,
Aywa mupus sinaune,
Tansah macaa buku,
Donga puji ja nganti lali,
Bekti ibu lan bapa,
Miwah para guru,
Manembah mring Hyang Amurba,
Katindakna ing siyang pantara ratri,
Kinabul kang den jangka.

pertanyaan : Piwulang Kang Kinandhut ing tembang duwur​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Piwulang kang kinandhut ing tembang dhuwur yaiku?

➡️ Yen golek ngelmu iku aja nganti pedhot sinaune. Kudu maca buku, tansah donga, bekti marang bapa ibu, lan para guru. Aja lali syukur marang Gusti wayah awan wengi supaya dikabulake kekarepanmu.

Penjelasan

Sun tuturi kabeh siswa-siswi,

Lamun pengin wuwuh ngelmunira,

Aywa mupus sinaune,

Tansah macaa buku,

Donga puji ja nganti lali,

Bekti ibu lan bapa,

Miwah para guru,

Manembah mring Hyang Amurba,

Katindakna ing siyang pantara ratri,

Kinabul kang den jangka.

  • Tegese (Artinya) :

Dak pituturi (nasehati) kabeh siswa-siswi,

Yen pengen nambah ngelmune,

Aja pedhot sinaune,

Tansah maca buku,

Donga puji aja nganti lali,

Bekti marang ibu lan bapa,

Lan para guru,

Syukur marang Gusti Allah,

Ditindakake ing awan uga wengi,

Supaya dikabulake apa sing dikarepake

  • Tembang ing dhuwur kalebu tembang Dhandhanggula.

» Paugeran Dhandhanggula :

  1. Guru gatra : 10 gatra
  2. Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
  3. Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Piwulang luhur

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 08 Jul 21