Bahasa JawaKelas 7Tembang Sinom Pada 3

Berikut ini adalah pertanyaan dari unknown pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Bahasa JawaKelas 7

Tembang Sinom Pada 3
⬇️
Tur ta duk maksih bocah
akeh temen kang nuturi
lakune wong kuna-kuna
lelabetan kang abecik
miwah carita ugi
kang kajaba saking ebuk
iku kang aran kojah
suprandene ingsun iki
teka nora nana undhaking kabisan

Parafrase utawa isine tembang sinom pada telu yoiku....
Tolong bantu jawab kakak.
Jawabnya pakai bahasa Jawa,jangan indo
Ngasal?auto report​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran/Parafrase :

➡️ Kamangka nalika aku isih bocah, akeh temen sing menehi pitutur babagan tumindake wong mbiyen-mbiyen sing becik. Akeh sing nyritakake uga, kajaba saka buku, kaya ngono kuwi sing diarani dongeng. Nanging ing awakku iki, kok ora ana tandha mundhake kapinteran.

>> Isi :

➡️ Isine nyritakake babagan kahanan nalika isih bocah kang durung ngerti apa-apa. Masio diwenehi pitutur saka buku lan dongeng nanging ora mundhak kapinterane.

Penjelasan

  • SINOM PADA 3 :

Tur duk ingsun maksih bocah,

Akeh temen kang nuturi,

Lakuning wong kuna-kuna,

Lalabetan ingkang becik,

Miwah cerita ugi,

Kang kejaba saking ngebug,

Iku kang aran kojah,

Suprandene ingsun iki,

Teka nira nana undhaking kabisan.

  • Tegese :

Nalika aku isih bocah,

akeh sing menehi pitutur,

tumindake wong mbiyen-mbiyen,

jasane sing becik,

sarta crita uga,

sing kajaba saka buku,

kuwi jenenge dongeng,

nanging awakku iki,

kok ora ana mundhake kapinteran.

Paugeran Sinom :

  1. Guru gatra : 9 gatra
  2. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
  3. Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

» Nggancarake tembang yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

  • Carane nggancarake tembang bisa kanthi nambahi tembung panggandheng, tembung katrangan, lan tembung liyane utawa ngurangi tembung sing ora perlu supaya isine tembang kasebut tambah jelas.

- Carane nggancarake tembang :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Gancaran, isi, sinom pada 3

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 13 Jul 21