tolong jawab kak gak susah kok hehehe!​

Berikut ini adalah pertanyaan dari j2prime168kroya pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tolong jawab kak gak susah kok hehehe!​
tolong jawab kak gak susah kok hehehe!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Wis kebak sundukane.

➡️ E. Wong kang wis akeh banget kaluputane.

2. Kocak tandha lokak.

➡️ G. Wong akeh omonge pertanda durunge akeh ngelmune.

3. Ngregem kemarung.

➡️ F. Momong wong kang angel banget aten-atenane, kang uga uga gawe cilakane wong kang momong.

4. Nututi layangan pedhot.

➡️ J. Nggoleki barang sepele kang ilang sing ora cucuk karo rekasane.

5. Kerot tanpa untu.

➡️ L. Darbe panjangka nanging ora duwe srana.

6. Madu balung tanpa isi.

➡️ N. Padudon kang mung marga barang sepele.

7. Ngubak-ubak banyu bening.

➡️ O. Gawe kisruh ing panggonan kang tentrem.

8. Emban cindhe emban siladan.

➡️ K. Mbedak-mbedakake.

9. Dikena iwake aja nganti buthek banyune.

➡️ M. Kang dikarepake bisa kasembadan nanging ora nganti gawe kisruh.

10. Katon cepaka sawakul.

➡️ H. Disenengi wong akeh.

11. Dudu berase ditempurake.

➡️ I. Urun rembug nanging ora pas karo kang lagi dirembug.

12. Durung kebak keselak jujul.

➡️ C. Durung akeh kawruhe kesusu arep mamerake.

13. Nyeret pring saka pucuk.

➡️ A. Pegawean kang sejatine gampang dadi angel amarga kleru carane garap.

14. Adol lenga kari busik.

➡️ D. Dundum nanging awake dhewe malah ora komanan.

15. Lam-be satumang kari samerang.

➡️ B. Olehe nuturi wis bola-bali, nanging sing dituturi ora gelem nggugu.

Penjelasan

Bebasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.

—☆ Tuladha :

1. Nglungguhi klasa gumelar.

✧Tegese : mung kari nemu penake.

2. Suduk gunting tatu loro

✧Tegese : tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan (kerugian) rong werna.

3. Nututi layangan pedhot.

✧Tegese : mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 2 - Unen-unen jawa

Kata Kunci : bebasan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 22 Aug 21