Aku lan bapak mlaku-mlaku neng alun-alun sidoarjo numpak becak. ukara ing

Berikut ini adalah pertanyaan dari Azusayuka6751 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Aku lan bapak mlaku-mlaku neng alun-alun sidoarjo numpak becak.ukara ing dhuwur owahana dadi:
a) ngoko alus
b) krama lugu
c) krama alus

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

Aku lan bapak mlaku-mlaku neng alun-alun sidoarjo numpak becak.

a) ngoko alus = aku lan bapak mlampah mlampah neng alun alun Sidoarjo nitih becak.

b) krama lugu = Kula kaleh bapak mlampah mlampah ten alun alun Sidoarjo nitih becak.

c) krama alus = Kula kaliyan bapak mlampah mlampah dhateng alun alun Sidoarjo nitih becak.

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa yaiku aturan adat istiadat ing tlatah Jawa utawa babadan sopan santun, tata krama, tata susila, nanging nggunakake basa Jawa.

Unggah ungguh basa ana 2 :

1. Ngoko :

  • Ngoko lugu
  • Ngoko alus

2. Krama :

  • Krama lugu
  • Krama alus

⚫ Ngoko lugu

Basane ngoko, ora kecampuran tembung Krama.

panggonane :

  • padha kanca sadrajat
  • marang wong kang luwih enom

tuladhane :

  • Kowe arep menyang endi?

⚫ Ngoko alus

Basane ngoko, kecampuran Krama Inggil.

sing dikramakne :

  • wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih
  • panindake, umume arupa tembung kriya
  • kaduwekane, awujud tembung Aran

panggonane :

  • dulur enom marang dulur tuwa
  • kapernah tuwa nanging derajate luwih dhuwur
  • wong sadrajat kang padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulina Ngoko

tuladhane :

  • Panjenengan arep tindak menyang endi?

⚫ Basa Krama lugu

Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.

panggonane :

  • wong sadrajat sing durung akrab
  • wong sing durung kenal

tuladhane :

  • sampeyan badhe kesah ten pundi?

⚫ Basa Krama Alus

Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.

panggonane :

  • wong enom marang wong tuwa
  • marang wong sing dhuwur drajate

tuladhane :

  • Panjenengan badhe tindak pundi?

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguhing basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 05 Feb 22