sarti : "eyang...! unjukanipun! (tangane nyenggol eyang purbo)eyang purbo :

Berikut ini adalah pertanyaan dari streetalen26 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Sarti : "eyang...! unjukanipun! (tangane nyenggol eyang purbo)eyang purbo : " ( kaget ) e...e...ana apa, ndhuk?"
sarti : "unjukanipun... selak asrep."
eyang purbo : "nduk surti. ningsih apa wis bali?
sarti : "dereng, eyang!"
eyang purbo : "bocah ki lunga nyang endi, wis meh maghrib durung bali... cah wedok saiki pancen angel tangguhe... jan, wis beda tenan"
surti : "pun, yang... sekedhap malih paling mbk ningsih kondur... eyang badhe siram menapa? toya aget sampun kula cawisaken..."
eyang purbo : "mengke wae, ndhuk surti."
sarti : "sampun ngantos maghrib lo, yang..."
ayang purbo : "kowe kuwi, jan kaya eyangmu putri suwargi. ya mung kowe sing bisa nyretani aku. senajan kowe mung anak angkat, gemati karo aku ngluwihi anak putuku."
surti : " nggih namung menika, kula saged bektos kalihan kulawarga purbo..."
eyang purba : " wis...wis...nduk surti sesok tgl piro?"
surti : "setunggal"
eyang purbo : " siji?maret ya? ( surti manthuk ) aku meh lali. biyasane purnomo sing tansah ngelingake...uga nyepakake uba rampe kanggo mengeti dina kang kanggoku...punjere sejarah ing bangsa iki. oalah ... purnomo ... purnomo, putuku cah bagus ... cah bagus. kudu dadi kurban gumlundhuge reformasi iki ... ooooohhh..."
surti : "sampun yang... sampun... mas purnomo marisi semangatipun eyang..."
eyang purbo : "ya mung purnomo iku... sing dakgadhang-gadhang bisa dadi dawane tangan-tangan impenku. bisa gawe mongkoge ati iki. jujur, ora gampang pasrah marang kaanan. kuwat nyekel bebener... ning kok ya mung ... saobor blarak... putuku... putuku..."
surti : "eyang purbo... sampun kedlarung-dlarung... mas purnomo sampun sare kanthi tentrem...ngasta kekancingan manah... ngangkat keyakinan ingkang wonten jajanipun."
eyang purbo : "aku pancen ora rugi nyekolahake koee nganti meh tuntas ana pamulangan luhur, ndhuk surti. pikiranmu sing lantip. lan kowe tetep nuhoni marang donyamu, donyane wong jawa. ora kendhang marang kaanan kang ngandhut wewadi iki... kebak mimis-mimis lamis tansah disebar sapa wae... aja nganti lena ya,ndhuk surti. tetep cekelan kabudayanmu..."
surti : "ingghi, yang..."

1.paraga surti iku kapernah apa klawan eyang purba?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

surti iku watake apik lan gemati marang wong tua.surti ra pernah klawan eyang purbo amarga saking gematine eyang purbo muji surti lan tansah bungahh marang surti

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh sunartiti981 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 09 Jul 21