Romi lan Agus ndherek Pak Lurah lan Bu Lurah kondangan

Berikut ini adalah pertanyaan dari yusufmaulanaputramuh pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Romi lan Agus ndherek Pak Lurah lan Bu Lurah kondangan nang daleme Pak Camatkanthi numpak mobil Bocah loro padha omong-omongan..Gus, nek nyata kowe
bocah kendel hayo wani apa ora lungguh ngarep?" panantange Romi "Wuah, edan
apa?! Ngarep kono kuwi lenggahane Pak Lurah jejer karo Bu Lurah Aku emoh nek
diunckake lancang murang tata, ora duwe udanegara, adableg"Wangsulane Agus.
"Lha kok malah nggladrah, karepku kuwi. lungguh ngarepe mobil, ben ketabrak Wani
apa ora?" sambunge Romi sing pancen ngajak guyon "Woo ..., semprul kowe!"
pangucape Agus.

Bakune gagasan carita ing dhuwur yaiku
A Pak lurah karo bu lurah lungguhe kudu neng ngarep
B. Agus lan Romi diajak numpak mobil rumangsa seneng banget
C Agus salah tampa marang apa kang dikandhakake Romi
D Agus olehe ngomong, saya suwe malah saya nggladrah​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ C. Agus salah tampa marang apa kang dikandhakake Romi.

Penjelasan

Agus salah tampa marang apa sing dikandhakake Romi. Dheweke ngira yen sing dikandhakake Romi lungguh ngarep iku ing cedhake Bu Lurah lan Pak Lurah, mangka asline sing dikarepake Romi yaiku lungguh ngarepe mobil ben ketabrak.

  • Tegese tembung angel :

» Murang tata tegese ora nduwe tata krama/kurang tata Krama.

» Nggladrah tegese ora jelas, ora pener.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Nggladrah, Romi, Agus, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 04 Jul 21