1.kadir,kok mboten ana iwak ya?ukara iki ngunakake basa......a.Ngoko alusb.krama luguc.ngoko

Berikut ini adalah pertanyaan dari afifahfk123 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1.kadir,kok mboten ana iwak ya?ukara iki ngunakake basa......a.Ngoko alus
b.krama lugu
c.ngoko lugu
d.krama alus

2."wes-wes,ayo saiki awake dhewe balek.Terus mangan iwak bakar bareng-bareng"Iki kelebu basa....
a.krama lugu
b.krama alus
c.ngoko lugu
d.ngoko alus


Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Kadir, kok mboten ana iwak ya? ukara iki ngunakake basa......

➡️ A. Ngoko Alus.

2. "Wes-wes, ayo saiki awake dhewe balek. Terus mangan iwak bakar bareng-bareng" Iki kelebu basa....

➡️ C. Ngoko Lugu.

Penjelasan

Ngoko Lugu

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko kabeh ora kacampuran tetembungan krama.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Kanca padha kanca sing wis akrab

2) Tumrap wong sing kalungguhane luwih dhuwur nalika sesambungan karo wong kang wong sing drajad utawa kalungguhane luwih endhek.

3) Omongan bocah karo bocah sing wis kulina

4) Wong tuwa marang wong enom

6) Kanggo situwasi resmi (formal) sing pancen perlu nggunakake ragam lan tembung-tembung ngoko.

Tuladha :

1. Aku mengko sore dolan menyang omahmu ya?

2. Nik, jupukna majalah sing ana ing meja kae!

3. Kapan ya aku nduwe sepedha montor?

4. Kowe arep menyang ngendi, Jo?

Ngoko Alus

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko nanging kacampuran tetembungan krama inggil sawatara. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Kanca raket nanging padha dene olehe ngajeni

2) Wong tuwa utawa wong sing luwih dhuwur drajate, marang wong enom, nanging wis akrab banget

3) Nalika lagi ngrembug wong liya sing diajeni banget

4) Kanggo ngajeni marang wong sing digunem

5) Wanita marang sisihan (bojo)-ne yen dheweke nggunakake basa Ngoko

6) Kanggo ngarang sawijine karangan ing majalah kanggo ngajeni wong sing maca

Tuladha :

1. Pak, yen sida tindak Yogya, nitih bis wae!

2. Pak, panjenengan mengko sida mundhutke buku Toni?

3. Bu, yen arep siram kolahe wis dakkebaki lho!

4. Mas, yen kersa mengko dakampiri mriksani bioskop

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Ngoko lugu, Ngoko alus

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 26 Jul 21