cangkriman blenderan. gajah ngidek endhog ora pecahmohon bantuanya kaka mumpung

Berikut ini adalah pertanyaan dari nida30958 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Cangkriman blenderan. gajah ngidek endhog ora pecahmohon bantuanya kaka
mumpung bulan ramadhan dapet pahala ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Gajah ngidak endhog ora pecah,- batangane sing ora pecah iku gajahe.

Penjelasan

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan.

Cangkriman sing wujude plesetan/blenderan

→ Cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.

—☆ Tuladhane :

  1. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem. Batangane → sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing mati.
  2. Lampu apa yen dipecah metu uwonge. Batangane → lampu toko sing lagi ditutup
  3. Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira-kira gedhe apane?. Batangane → Gedhe omongane.
  4. Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran. Batangane → wong ngundhuh kambil.
  5. Wong wudunen kuwi sugih pari. Batangane → Paringisan.
  6. Wong adol tempe ditaleni. Batangane → sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
  7. Ngarep ireng, mburi ireng, sing tengah methenteng, iku apa?. Batangane → Wong mikul areng.
  8. Wong dodol klapa dikepruki. Batangane → sing dikepruki klapane, dudu wonge sing adol.
  9. Gajah ngidak endhog ora pecah. Batangane → sing ora pecah gajahe. (Amarga ukara iki sejatine kedadeyan saka rong ukara. "Gajah ngidak - Endhog ora pecah")

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 4 - Cangkriman

Kata Kunci : Cangkriman gajah ngidak endhog ora pecah

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.4

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 02 Aug 21